KAPITAYAN TRADHISI NDHUDHUK PADEMI ING DESA ANGGASWANGI KECAMATAN SUKODONO KABUPATEN SIDOARJO (TINTINGAN WUJUD, MAKNA, FUNGSI, LAN OWAH-OWAHAN)

KAPITAYAN TRADHISI NDHUDHUK PADEMI ING DESA ANGGASWANGI KECAMATAN SUKODONO KABUPATEN SIDOARJO (TINTINGAN WUJUD, MAKNA, FUNGSI, LAN OWAH-OWAHAN)

  • NURMA DWI OKTAVI UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA
  • Sri Sulistiani

Abstract

ABSTRAK

 

Kapitayan tradhisi ndhundhuk pademi (KTNP) sawijing tradisi Jawa kang ditindakake dening masyarakat desa Anggaswangi, nduweni ancas kangge menehi pakurmatan marang para leluhur kanthi cara turun-temurun. Tradhisi kasebut ditindakake amarga kanggo ngurmati adat istiadat kang wis ana, cikal-bakal wiwit biyen kang diuri-uri para warga Desa Anggaswangi. Kuwi kabeh mertandake yen para warga Desa Anggaswangi nengenake bab kapitayan. Mula warga desa Anggaswangi ngedekake omah ora nindakake tradhisi kasebut, sakulawarga sing manggon ning omah kasebut bakal nemu bebaya.

Underan panliten iki: (1) Kepriye mula bukane KTNP ing Desa Anggaswangi, Kecamatan Sukodono, Kabupaten Sidoarjo, (2) Kepriye tata laku KTNP, (3) Apa ubarampe kang dibutuhake lan makna simbolik ubarampe KTNP, (4) Kepriye fungsi kang kinandhut sajrone KTNP (5) Kepriye owah-owahan sajrone KTNP. Tujuan panliten (1) Njlentrehake mula bukane KTNP, (2) Njlentrehake kepriye tata laku KTNP, (3) Njlentrehake ubarampe kangge KTNP lan makna simbolik ing ubarampe KTNP, (4) Njlentrehake kepriye fungsi kang kinandhut sajrone KTNP, lan (5) Njlentrehake kepriye owah-owahan kang kinandhut sajrone KTNP. Dene paedah panliten yaiku, nambah kawruh ngenani KTNP, menehi wawasan lan kawruh ngenani mula buka KTNP, tatalakuning KTNP, ubarampe KTNP lan makna sajroning ubarampe KTNP, pigunane KTNP sarta owah-owahan KTNP lan menehi paedah babagan makna lan fungsi KTNP.

Lelandhesan panliten nggunakake konsep folklore Danandjaja. Teori modhifikasi Bascom lan Dundes kanggo ngonceki babagan konsep fungsi. Kanggo ngandharake babagan makna nggunakake panemu Pierce. Konsep owah-owahan Koentjaraningrat kanggo ngonceki konsep owah-owahan. Ancangan panliten KTNP yaiku dheskriptif kualitatif. Sumber dhata panliten iki yaiku sumber dhata primer lan sekunder. Instrumen sajrone panliten yaiku panliti, lembar observasi, lan dhaptar pitakonan. Dene teknik nglumpukake dhata panliten yaiku observasi, wawancara, lan dhokumentasi. Analisis dhatane yaiku nggunakake open coding, acial coding lan selektip.

Asil panliten iki yaiku: (1) Tata laku KTNP kaperang ana 3 yaiku, tahap wiwitan, tahap inti lan tahap pungkasan. (2) Ubarampe ing KTNP kanggo ndhudhuk pondhasi yaiku: (a) sega tawa, (b) endhog pitik kampung, (c) sega golong (wujude bunder-bunder dikepeli), (d) bubur utawa jenang (wernane abang lan putih lan baro-baro), (e) jenang sengkala, (f) jajanan pasar lan (g) cok bakal. (3) Piguna KTNP iku: 1) minangka sistem proyeksi, 2) minangka sarana pangesahan pranata lan lembaga kabudayan, 3) minangka sarana pendhidhikan, 4) sarana ngraketake paseduluran. (4) Owah-owahan KTNP yaiku: 1) tatalakune KTNP lan 2) Ubarampe KTNP. Unsur anyar kang mlebu ing KTNP.

 

Tembung kang wigati: kapitayan, tradhisi, ndhundhuk pademi, folklor.

Published
2020-08-12
How to Cite
OKTAVI, N., & Sulistiani, S. (2020). KAPITAYAN TRADHISI NDHUDHUK PADEMI ING DESA ANGGASWANGI KECAMATAN SUKODONO KABUPATEN SIDOARJO (TINTINGAN WUJUD, MAKNA, FUNGSI, LAN OWAH-OWAHAN). JOB (Jurnal Online Baradha), 15(6). https://doi.org/10.26740/job.v15n6.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 128
PDF Downloads: 103