RAGAM BASA SUPORTER PERSEBAYA

  • Muhammad Doddy Ytama UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA
  • Dr. Surana .SS, M.Hum UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Abstract

Abstrak

 

Basa sajrone kelompok masyarakat duweni saperangan keunikan lan ciri khas. Ciri khas kasebut dadi idhentitas saka kelompok masyarakat tartamtu lan anane idhentitas kasebut cukup narik kawigaten sapa wae, kalebu golongan akademisi lan panliti. Ing anggene nliti bab ngenani basa ing kelompok masyarakat kasebut, panliti nggunakake elmu sosiolinguistik. Sosiolinguistik kang dadi salah sawijine cabang elmu linguistik iki ngrembag basa ing salah sawijine kelompok masyarakat kasebut. Ing elmu kasebut ana pencabangan elmu maneh kayata ragam basa kang ngrembag maneka wernane basa ing  bebrayan, campur kode kang magepokan karo panggantine unsur basa ing saben interaksi sosial masyarakat lan interferensi kang digunakake kanggo nliti penyelewengan unsur basa kanthi nggunakake unsur basa liyane. Salah sawijine kelompok kasebut yaiku suporter tim bal-balan Persebaya utawa Bonek kang interaksi basane ora sithik kang ditemokake anane ragam basa, campur kode lan interferensi.

 

Dhasar saka panliten iki yaiku ragam basa, campur kode, lan interferensi kang kedaden ing interaksi antar suporter Persebaya. Ancas panliten iki kanggo mangerteni wujud ragam basa, campur kode lan interferensi kang kedaden ing atribut suporter. Kanthi cara toeretis, paedah panliten iki kanggo ngrembakake Basa Jawa ing bidhang sosiolinguistik, mligine ing bidhang ragam basa, alih kode lan campur kode. Paedah praktise yaiku bisa nambah kawruh ing bab ragam basa, campur kode lan interferensi lan uga bisa dadi referensi kanggo pasinaon, panggulawentahan lan panliten lanjutan.

 

Panliten sosilinguistik iki ngrembag ngenani ragam basa, campur kode lan interferensi kang kedaden ing suporter Persebaya. Panliten dheskriptif kualitatif iki nggunakake teori sosiolinguistik saka Chaer. Dhata panliten dijupuk saka waneka werna atribut suporter kayata kaos, spanduk, topi lan liyan-liyane tur uga saka saperangan medhia kang magepokan karo panliten iki. Ragam basa suporter Persebaya ing panliten iki kaperang dadi rong bab yaiku ragam basa ideolek lan dialek. Campur kode kaperang dadi nem bageyan. Dene interferensi kaperang dadi telung bageyan.

 

Tembung Wigati: Ragam Basa, Campur Kode, Interferensi, Suporter Persebaya

 

Published
2020-08-12
How to Cite
Ytama, M. D., & .SS, M.Hum, D. S. (2020). RAGAM BASA SUPORTER PERSEBAYA. JOB (Jurnal Online Baradha), 15(6). https://doi.org/10.26740/job.v15n6.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 67
PDF Downloads: 59