TRADHISI MERAS GANDRUNG BANYUWANGI (TINTINGAN FOLKLOR)

  • Anwar Kholis UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA
  • Yohan Susilo UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Abstract

ABSTRAK

Tradhisi Upacara Meras Gandrung minangka salah siji tradhisi ing masyarakat Banyuwangi. Upacara meras gandrung yaiku adicara winisudha gandrung. Gandung anyar bakal dislameti banjur digurah utawa dipuph, pungkasane gandrung bakal dipentasake sewengi natas. Panliten iki bakal ngrembug kepriye mula buka, tata laku, makna lan simbol kang kinadhut sajrone ubarampe lan piranti, piguna, lan owah-owahan kang dumadi ing tadhisi Meras Gandrung Banyuwangi.

Panliten tradhisi meras gandrung migunakake Teori Folklor. Adhedhasar jinise tradhisi iki digolongake Folklor setengah lisan.. Sumber dhata sajrone panliten iki yaiku jurnal ilmiah lan narasumber yaiku pelaku tradhisi meras gandrung yaiku Gandrung temuk lan Gandrung Supinah. Dhata sajrone anliten iki yaiku katrangan saka jurnal ilmiah lan andharan asil wawancara mrang narasumber. Andharan asil panliten tradhisi kasebut bakal dijlentrehake kanthi metodhe dheskriptif kualitatif

                Upacara Meras Gandrung minangka tradhisi masyarakat Banyuwangi kang wis ana wiwit jaman kuna. Mula buka tradhisi iki slraras karo tuwuhe gandrung ing Banguwangi. Tata laku tradhisi iki diwiwiti kanthi golek dina lan nyawisake kabeh ubarampe lan piranti. Sabanjure gandrung bakal dipupuh utawa digurah. Pungkasane gandrung bakalan dipentasake sewengi natas. Ubarampe lan piranti sajrone tradhisi kasebut yaiku peras cacah loro kanthi princen gedhang raja satangkep, kelapa, beras, gula jawa, endhog, lan cok bakal. Ubarampe sabanjure yaiku pupuh, rokok, kopi, lincak, kain putih, wanci kinangan, genthong siraman, jenang abang, lan sega golong. Tradhisi upacara meras gandrung nduweni piguna yaiku kanggo nylameti gandrung kang diwisudha, proyeksi masyarakat, sarana kanggo nuri-uri kabudayan, sarana pendhidhikan, lan sarana ngatur masyarakat. Owah-owahan uga dumadi sajrone tradhisi iki, Upacara meras gandrung ing jaman kuno isih migunakake piranti lan ubarampe jangkep. Ing jaman saiki upacara meras gandrung luwih ngrembaka lan dislarasake klawan kabutuhan.

 

Tembung Wigati: Folklor, Tradhisi, Meras Gandrung Banyuwangi.

Published
2020-08-12
How to Cite
Kholis, A., & Susilo, Y. (2020). TRADHISI MERAS GANDRUNG BANYUWANGI (TINTINGAN FOLKLOR). JOB (Jurnal Online Baradha), 15(6). https://doi.org/10.26740/job.v15n6.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 59
PDF Downloads: 35