TUMINDAK DEGSIYA TUMRAP WANITA SAJRONE NOVEL PINDHANG WUTAH ANGGITANE TULUS SETIYADI (TINTINGAN NEW HISTORICISM)

  • Rossa Dwi Rizki Cahyaningtyas UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA
  • Latif Nur Hasan, S.Pd., M.Pd UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Abstract

Abstrak

 

Tumindak degsiya minangka tumindak kang ditindakake pawongan kanggo meksa pawongan liya. Tumindak degsiya mligine tumrap wanita uga bisa diwedhar sajrone karya sastra. Novel Pindhang Wutah iki minangka reriptan sastra anggitane Tulus Setiyadi. Crita kasebut nuduhake anane tumindak degsiya kang ditampa dening wanita kang kalebu kaum marginal ing satengahing bebrayan. Panliti bakal nggunakake tintingan new historicism kanggo ngonceki anane tumindak degsiya tumrap wanita sajrone novel Pindhang Wutah anggitane Tulus Setiyadi.

Panliten iki nduwe telu underan, yaiku: (1) kepriye wujud praktik sosiale tumindak degsiya tumrap wanita kang mbentuk novel Pindhang Wutah anggitane Tulus Setiyadi. (2) kepriye pemahaman sosial kang ndhasari tumindak degsiya tumrap wanita sajrone novel Pindhang Wutah anggitane Tulus Setiyadi. (3) kepriye idheologi kang disengkuyung sajrone novel Pindhang Wutah anggitane Tulus Setiyadi. Tujuwan panliten iki yaiku: (1) ngandharake wujud praktik sosiale tumindak degsiya tumrap wanita kang mbentuk novel Pindhang Wutah anggitane Tulus Setiyadi. (2) ngandharake pemahaman sosial kang ndhasari tumindak degsiya tumrap wanita sajrone novel Pindhang Wutah anggitane Tulus Setiyadi. (3) ngandharake idheologi kang disengkuyung sajrone novel Pindhang Wutah anggitane Tulus Setiyadi.

Panliten iki ditintingi nganggo tintingan new historicism. Ancangan panliten sajrone panliten iki nggunakake metodhe deskriptif komparatif, kanthi sumber dhata novel Pindhang Wutah anggitane Tulus Setiyadi. Dhata-dhata kasebut bakal dikumpulake adhedhasar jinis perkara kang ditliti lan salaras karo undheran panliten. Teknik ngumpulake dhata sajrone panliten iki nganggo teknik studi pustaka lan wawancara kanthi pedhoman wawancara ora terstruktur.

Asil saka panliten tumindak degsiya tumrap wanita sajrone novel Pindhang Wutah anggitane Tulus Setiyadi kanthi tintingan New Historicism yaiku nuduhake (1) wujud praktik sosial tumindak degsiya tumrap wanita kang sasuwene iki akeh ditindakake dening pawongan ing satengahe urip bebrayan, mligine tumindak degsiya psikis. Wujud praktik sosial kasebut kang mbentuk anane teks novel Pindhang Wutah adhedhasar sub-sub bab, kayata medhot omongan, ngasorake liyan, ngluputake liyan, ndakwa, ngincim, nglali ing janji, lan selak. (2) pemahaman sosial kang ndhasari utawa bisa dadi sebab anane tumindak degsiya tumrap wanita, kayata pamawas bebrayan kang ngasorake kalungguhan wanita, sipat wanita kang gumantung marang priya, lan kacingkrangan kang disandhang dening wanita. (3) idheologi kang disengkuyung sajrone novel Pindhang Wutah kang kaperang dadi loro yaiku idheologi patriarki lan idheologi feminisme kang kalorone dituduhake lumantar tumindak paraga priya lan wanita.

 

Tembung wigati: Tumindak Degsiya, Wanita, New Historicism

Published
2020-08-13
How to Cite
Rizki Cahyaningtyas, R. D., & Hasan, S.Pd., M.Pd, L. N. (2020). TUMINDAK DEGSIYA TUMRAP WANITA SAJRONE NOVEL PINDHANG WUTAH ANGGITANE TULUS SETIYADI (TINTINGAN NEW HISTORICISM). JOB (Jurnal Online Baradha), 15(6). https://doi.org/10.26740/job.v15n6.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 124
PDF Downloads: 130