KAWICAKSANAN JAWA SAJRONE SERAT SASTRA JENDRA HAYUNINGRAT

  • Firdaus Dhia Mastika UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA
  • Bambang Purnomo UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Abstract

Abstrak

Serat Sastra Jendra Hayuningrat kang sabanjure kena dicekak kanthi SSJH iki minangka wujud kasusastran jawa kang ngrembaka ing tlatah kraton Surakarta. Panliten SSJH Nilai Kawicaksan Jawa kang nduweni piwulangan luhur tumrap masyarakat Jawa lan liyane. Akeh nilai-nilai kawicaksanan utawa piwulangan Jawa kang adi luhung kang kinandhut sajrone serat sastra Jawa saka kabeh periode.. Klebu periodesasi Jawa Klasik amarga Serat Sastra Jendra Hayuningrat iki wis ana pangaribawan saka agama Islam. Ancasing panliten iki yaiku ndhudhah nilai-nilai kawiaksanan lan nggambarake kabudyan Jawa saka sisih Sangkan Paran kang ana ing Serat Sastra Jendra Hayuningrat uga jumbuh karo Kabudayan Jawa sajrone lakuning urip masyarakat.

Panliten tumrap SSJH iki mggunakake metodhe dheskriptif analitik. Wujud isi SSJH yaiku tembung, ukara lan tembang macapat mula nggunakake teknik analisis murih bisa ngonceki isi SSJH. Sumber dhata sajrone panliten iki yaiku Serat Sastra Jendra Hayuningrat anggitane Raden Mas Jayasursiparta kang kena diundhuh saka blog alang-alang kumitir. Wujud dhata panliten yaiku awujud tembang macapat kang kasusun kanthi tembung, ukara lan paugeran-paugeran tembang. Teknik kang digunakake murih bisa ngumpulake dhata yaiku maca transliterasi serat, nindakake analisis saka wohing underan.

Asil saka panliten tumrap SSJH iki ngasilake dhata sing awujud tembung lan ukara kang nuduhake anane nilai Kawicaksanan Jawa kang ana saka sajrone serat Sastra Jendra Hayuningrat, yaiku, (1) Kepriyen Laku Sangkan Paran sajrone Serat Sastra Jendra Hayuningrat (2) Kepriye nilai Kawicaksan Jawa saka Serat Sastra Jendra Hayuningrat kang ana sajrone sumber dhata kanggo panliti. Kawiwitan wohing Laku Sangkan paran kang ana sajrone SSJH iki yaiku manungsa kang bakal bali marang asal utawa kena diarani bab ora ana dadi ana bali maneh dadi ora ana. Banjur, kapindho iki nggambarake nilai kawicaksanan kang kinandhut sajrone SSJH iki kayata sejatining kawruh yaiku kawruh ghaib.

Tembung Wigati : Filsafat Jawa, Sangkan Paran, Kawicaksanan

Published
2020-08-13
How to Cite
Mastika, F. D., & Purnomo, B. (2020). KAWICAKSANAN JAWA SAJRONE SERAT SASTRA JENDRA HAYUNINGRAT. JOB (Jurnal Online Baradha), 15(6). https://doi.org/10.26740/job.v15n6.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 82
PDF Downloads: 73