LAKU RITUAL TRADISI BARONG IDER BUMI SUKU OSING DI DESA KEMIREN KECAMATAN GLAGAH KABUPATEN BANYUWANGI (KAJIAN FOLKLOR)

  • Azmi Faizal Hakiki UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA
  • Yohan Susilo UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Abstract

Abstrak

Tanah Jawa mujudake panggon kanggo urip lan manggone maneka werna kabudayan. Ritual barong ider bumi kang ana ing Desa Kemiren, Kecamatan Glagah, Kabupaten Banyuwangi kalebu salah siji kabudayan osing ing tanah Jawa. Saben setaun pisan nalika wayah riyaya idhul fitri dina kapindho tradhisi iki ditindakake. Tujuwan anane tradhisi iki yaiku njaluk keslametan lan rasa syukur saka masyarakat tumrap  keamanan ing desa kasebut. Tuwuhe tradhisi iki wiwit anane mbah buyut cili kang bisa ngilangake pageblug nalika jaman biyen Desa Kemiren. Tradhisi iki kalebu jinis folklor setengah lisan. Undere paneliten sajrone paneliten iki yaiku 1) kepriye mula bukane ritual tradhisi barong ider bumi, 2) kepriye tata lakune ritual tradhisi barong ider bumi, 3) kepriye makna, fungsi, lan simbol ubarampe saka ritual tradhisi ider bumi, 4) kepriye pangaribawa ritual tradhisi barong ider bumi tumrap masyarkat, 5) kepriye owah-owahan ritual tradhisi barong ider bumi.

Tujuwan anane paneliten iki yaiku ngandharake lan njlentrehake mula bukane ritual trahdisi barong ider bumi, tata lakune ritual tradhisi barong ider bumi, mangerteni makna, fungsi lan simbol saka ritual tradhisi barong ider bumi, mangerteni pangaribawa ritual tradhisi barong ider bumi tumrap kauripan masyarakat Osing lan jlentrehake owah-owahan ritual tradhisi barong ider bumi. lan kanggo ngrembug babagan underan nggunakake konsep ing antarane konsep budaya saka koentjaraningrat (2004 :72), konsep folklor saka Danandjadja (2002:3-4), konsep makna Poerwadarminta (1993 sajrone Aridiyanti: 2016)

RTBIB (Ritual Tradhisi Barong Ider Bumi) minangka tradhisi kang nduweni nilai sejarah, tradhisi iki wujud donga supaya entuk anane keslametan Desa, tata laku RTBIB iki wiwit saka wawanrembug, nyiapake ubarampe, nganti pelaksanaan adicara. Ubarampe kang digunakake sajrone RTBIB kayata tumpeng, ancak, pethentheng, pecel pitik, urapan, jenang sengkala, gedhang raja, kembang setaman, kemenyan, gamelan, pitik-pitikan, barong Kemiren. ubarampe kang digawe iki nduweni makna, simbol lan piguna kang tujuwane kanggo masyarakat, anane RTBIB iki mangribawani anane bab-bab kang ana ing masyarakat kayata sosial, pendhidhikan, ekonomi, pertanian, lan pariwisata. Sarta anane owah-owahan kang manggon ing anane urutan tata laku arak-arakan uga RTBIB kang dadi event taunan saka Kabupaten Banyuwangi. Babagan kasebut minangka asil saka panliten ngenani RTBIB. 

 

Tembung wigati: tradhisi, barong, folklor

Published
2020-08-14
How to Cite
Hakiki, A. F., & Susilo, Y. (2020). LAKU RITUAL TRADISI BARONG IDER BUMI SUKU OSING DI DESA KEMIREN KECAMATAN GLAGAH KABUPATEN BANYUWANGI (KAJIAN FOLKLOR). JOB (Jurnal Online Baradha), 15(6). https://doi.org/10.26740/job.v15n6.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 135
PDF Downloads: 76