BASA DOL TINUKU PAK CEMPLON ING SAJRONE YOUTUBE AKUN DOLAN ADOH (TINTINGAN SOSIOLINGUISTIK)

  • Imam Rosyidin Amin UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA
  • Surana Surana UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Abstract

Abstrak

Maneka werna basa bisa ditemokake ing sajrone bebrayan. Piranti komunikasi anggene cecaturan yaiku basa sing digunakake menungsa anggene cecaturan marang liyane. Kekarepane anggene cecaturan utawa komunikasi marang liyane ngandhut ancas tartamtu saka panuture. Pasar salah sawijine papan panggonan bisa ditemokake basa sing maneka werna. Salah sawijine wong dodolan ing pasar yaiku Pak Cemplon sing dadi objek panliten. Basa dialek lan logat sing unik saka Pak Cemplon nduweni nilai luwih marang sing arep tuku dadi bisa sumringah atine. Akeh wong sing ora arep tuku dadi arep tuku amarga Pak Cemplon bisa gegojekan marang liyane. Andhedhasar andharan kasebut ing panliten iki ngandhut telung andharan panliten, (1) Kepriye wujud basa sajrone dol tinuku Pak Cemplon ing youtube, (2) Kepriye wujud campur kode sajrone dol tinuku Pak Cemplon ing youtube lan, (3) Apa tujuwan sing kinandhut basa sajrone dol tinuku Pak Cemplon ing youtube.

Dhasar saka panliten ragam basa iki wujud ragam basa, campur kode, alih kode lan, sebab dumadine campur kode lan, alih kode. Panliten ngenani ragam basa iki kalebu panliten kualitatif nggunakake metodhe sosiolinguistik. Metodhe sosiolinguistik dadi dhasare ing panliten iki amarga cecaturan sing sinambungan marang kahanan masyarakat utamane cecaturan Pak Cemplon ing vidhio youtube ing akun dolan adoh.

Tembung wigati: Ragam Basa, Pak Cemplon, Sosiolinguistik, Pasar

Author Biography

Imam Rosyidin Amin, UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Published
2020-08-14
How to Cite
Amin, I. R., & Surana, S. (2020). BASA DOL TINUKU PAK CEMPLON ING SAJRONE YOUTUBE AKUN DOLAN ADOH (TINTINGAN SOSIOLINGUISTIK). JOB (Jurnal Online Baradha), 16(7). https://doi.org/10.26740/job.v16n7.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 81
PDF Downloads: 54