TRADHISI KESENIAN OBYOGAN ING DESA TAJUG KECAMATAN SIMAN KABUPATEN PONOROGO (Tintingan Owah Gingsir Kabudayan)

  • Dhio Sasetya Wardana UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA
  • Octo Dendy Andriyanto UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Abstract

Abstrak
Tradhisi Kesenian Obyogan minangka sastra non-lisan kang awujud tarian. Tradhisi kesenian obyogan
ditindakake saben wiwitan sasi jawa, ana ing bale desa Tajug, Kecamatan Siman, Kabupaten Ponorogo. Tradhisi
kesenian obyogan iki mujudake bentuk kabudayan dinamis kang ngalami owah-owahan utawa owah gingsir saka
jaman biyen, nganti tumekaning jaman saiki. Obyogan iki dhewe ditindakake kanggo ngujub donga marang
Gusti supaya paring berkah panen kang nengsemake. Sajrone panliten iki bakal dirembug babagan mula buka,
makna ubarampene, tata laksanane, owah gingsir lan pigunane tradhisi kesenian obyogan tumrap masyarakat
panyengkuyunge. Panliten iki nggunakake metodhe panliten deskriptif kualitatif. Dhata sajrone panliten awujud
dhata lesan utawa barang. Teknik analisis keabsahan dhata nggunakake triangulasi dhata, yaiku mbandhingake
pamawas saka narasumber siji lan narasumber liyane. Perangan-perangan kasebut bakal diandharake kanthi
pamawas saka narasumber kang wus suwi nyemplung lan nyengkuyung tradhisi kesenian obyogan iki. Mula
bukane, dumadi saka pakulinan wong padesan kang rame-rame utawa bebarengan nalika menyang sawah.
Kahanan lelungan bebarengan iku diarani obyog. Tata laksanane tradhisi kesenian obyogan iki ana persiapan,
kang diwiwiti wawanrembug antara para sesepuh desa, perwakilan RT, RW lan sinoman sadurunge nglaksanani
tradhisi iki, dibacutake adicara kaya nyumping barongan lan suguh sega kokok, nganti punjere acara yaiku
obyogan. Ubarampe kang digunakake maneka werna, ana sega kokok, wujude nguncup tegese ora ana kang
luwih dhuwur tinimbang Gusti, gedhang salirang, gambaran tangan ngathung ngarep-arep berkah, kambil
minangka gambaran donya kang ora waton alus dalane, cok bakal gambaran donya lan isen-isene, apem wujud
panyuwunan ayem tentrem, rokok klobot gambaran sabare manungsa lan sarana ngirim panyuwunan, pitik jawa
minangka gambaran pangorbanane manungsa. Owah gingsire budayane yen biyen kanggo ngujub berkah saka
Gusti, slaras lumakune jaman obyogan jaman saiki dadi kesenian tari hiburan. Wujud piguna tumrap masyarakat
panyengkuyunge kayata, bisa aweh panyengkuyung ing bab ekonomi, amarga para warga bisa nggelar dagangan
ing sakiwa tengene papan panggonan kang digunakake tradhisi kesenian obyogan.
Tembung wigati : tradhisi, kabudayan, obyogan, owah gingsir, kesenian

Published
2020-08-14
How to Cite
Wardana, D. S., & Andriyanto, O. D. (2020). TRADHISI KESENIAN OBYOGAN ING DESA TAJUG KECAMATAN SIMAN KABUPATEN PONOROGO (Tintingan Owah Gingsir Kabudayan). JOB (Jurnal Online Baradha), 16(7). https://doi.org/10.26740/job.v16n7.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 91
PDF Downloads: 87