KOHESI LAN KOHERENSI SAJRONE RUBRIK SARIWARTA ING KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT EDHISI FEBRUARI-APRIL 2019

  • Hendyta Agustino UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA
  • Surana Surana UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Abstract

Abstrak

Wacana kang apik yaiku wacana sing kudu nggatekake sesambungan antarukara. Bab iki mesthi kudu digatekake kanggo njaga sesambungane lan runtutane ukara. Selaras karo panemu yen basa iku ana bentuk (form) lan makna (meaning), sambungan sajrone wacana bisa dibedakake dadi rong jinis yaiku sambungan bentuk sing diarani kohesi, lan sambungan makna utawa sambungan semantis sing diarani koherensi. Kohesi lan koherensi nduweni peran sing wigati kanggo mujudake wutuhing wacan lan nylarasake wacana.  Punjere panliten yaiku kepriye wujud kohesi sajrone rubrik Sariwarta ing kalawarti Panjebar Semangat lan kepriye wujud koherensi sajrone rubrik Sariwarta ing kalawarti Panjebar Semangat. Merga saka kuwi, panaliten iki nduweni ancas kanggo ndeskripsi jinis kohesi lan koherensi jroning rubrik Sariwarta ing kalawarti Panjebar Semangat edhisi Februari-April 2020. Panliten iki nggunakake pendekatan teoretis arupa pendekatan analisis wacana lan pendekatan metodologis arupa pendekatan dheskriptif kualitatif. Wujud dhata ing panliten iki yaiku pethikan ukara utawa saperangan ukara sajrone wacana sing dinuga ngandhut kohesi lan koherensi. Sumber data panaliten iki dijupuk saka wacan Sariwarta sing ana ing rubrik sariwarta ing kalawarti Panjebar Semangat edhisi Februari-April 2020. Tata cara nglumpukake dhata kanthi goleki utawa nyepakake dhata, nganalisis dhata, lan ngandharake asil dhata panliten.

Asil panliten sing ditemokake ana papat jinis kohesi gramatikal lan telu jinis kohesi leksikal. Papat jinis kohesi gramatikal kasebut yaiku penunjuk (panuduh), penggantian (sesulih purusa, kiltika-e), pelesapan, lan perangkaian (pangiket). Dene kohesi leksikal kasebut yaiku repetisi, sinonimi (dasanama), lan antonimi (kosok balen). Miturut panliten uga ditemokake pitu jinis koherensi, yaiku koherensi panambahan, perlawanan, penekanan, perturutan, sebab-akibat, wektu, lan panjlentrehan. Asil panliten iki uga bisa dimangerteni yen akeh banget sarana kohesi lan koherensi ing kalawarti Panjebar Semangat mligine rubrik Sariwarta.

Tembung wigati: kohesi, koherensi, lan wacana pawarta.

Published
2020-08-18
How to Cite
Agustino, H., & Surana, S. (2020). KOHESI LAN KOHERENSI SAJRONE RUBRIK SARIWARTA ING KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT EDHISI FEBRUARI-APRIL 2019. JOB (Jurnal Online Baradha), 16(7). https://doi.org/10.26740/job.v16n7.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 153
PDF Downloads: 59