RELIGIUSITAS SAJRONE NOVEL KUPU WENGI MBANGUN SWARGA ANGGITANE TULUS S

  • Kakasya Alya harimurti
  • Yunita Ernawati

Abstract

Abstrak

Sawijine karya sastra sing becik bisa menehi kawruh ngenani saperangan bab sing ana ing njero uripe manungsa mligine urip manungsa sing nduweni sambung rapet karo bab kareligiusitasan. Akehe saperangan karya sastra sing nggambarake unsur religiusitas disebabake saka rapete hubungan antarane karya sastra lan religiusitas. Sawijine karya sastra bisa menehi gambaran ngenani uripe manungsa ing saben dinane, jangkep karo perkara lan rubeda sing dialami manungsa kayata tumindak sedheng, korupsi, konflik sosial, lan sapanunggalane. Padha dene novel Kupu Wengi Mbangun Swarga anggitane Tulus S uga ngandhut ngenani unsur religiusitas. Religiusitas sing dirembug ana ing njero panliten iki yaiku ngenani religiusitas langsung lan religiusitas ora langsung sing digambarake ing njero novel Kupu Wengi Mbangun Swarga anggitane Tulus S. Panliten iki nggunakake metodhe deskriptif kualitatif. Pendhekatan sing digunakake yaiku pendhekatan sosiologi sastra. Dhata sing digunakake ing njero panliten iki awujud pethikan tembung, ukara sarta dhialog antar paraga sing ana ing njero novel Kupu Wengi Mbangun Swarga anggitane Tulus S. Sumber dhata sing digunakake ing njero panliten iki dijupuk saka novel Kupu Wengi Mbangun Swarga anggitane Tulus S. Teknik nglumpukake dhata sing digunakake ing panliten iki yaiku studi dokumentasi awujud teks novel Kupu Wengi Mbangun Swarga anggitane Tulus S. Ancas panliten iki yaiku kanggo ngandharake gambaran religiusitas sing ana ing njero novel Kupu Wengi Mbangun Swarga anggitane Tulus S.

Asil saka panliten ngenani bab religiusitas sajrone novel Kupu Wengi Mbangun Swarga anggitane Tulus S diperang dadi rong rembugan antarane (1) Wujud tumindak religiusitas otentik sajrone novel yaiku iman, eling marang Gusti, pasrah, urip rukun lan bekti marang wong tuwa (2) Wujud tumindak religiusitas agamis sajrone novel yaiku sembahyang, ngaji, ibadah haji, lan sodakoh. Rong rembugan kasebut nggambarake ngenani upaya kang ditindakake manungsa supaya luwih cedhak marang Gusti kang Maha Kuwasa.

Tembung Wigati: religiusitas, religiusitas langsung, religiusitas ora langsung, lan novel KWMS.

Author Biography

Kakasya Alya harimurti

Published
2020-08-26
How to Cite
harimurti, K. A., & Ernawati, Y. (2020). RELIGIUSITAS SAJRONE NOVEL KUPU WENGI MBANGUN SWARGA ANGGITANE TULUS S. JOB (Jurnal Online Baradha), 16(7). https://doi.org/10.26740/job.v16n7.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 100
PDF Downloads: 155