ASPEK RELIGIUS SAJRONE NASKAH JAKA SELIWAH (Tintingan Filologi)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25pAbstract
Abstrak
Naskah mujudake asiling pamikiran, rasa pangrasa, lan maneka informasi kang anduweni fungsi kang wigati tumrap masyarakat. Naskah kanthi irah-irahan Jaka Seliwah minangka salah sawijining asiling pamikiran lan rasa pangrasa kang ngandharake babagan religius arupa laku religi, lan panembah marang Kang Maha Kuwasa. Naskah kanthi irah-irahan Jaka Seliwah iki kapilih dadi objek panliten amarga basa kang digunakake kanggo medharake isining naskah gampang dimangerteni, isining naskah kang narik kawigaten lan migunani kanggo piwulangan watak, sarta prayoga banget kanggo piwulangan anak putu.
Saka andharan mau, underan sajroning panliten iki yaiku (1) Kepriye dheskripsi naskah Jaka Seliwah?, (2) Kepriye suntingan teks naskah Jaka Seliwah?, (3) Kepriye aspek religius kang diandharake sajroning naskah Jaka Seliwah?. Saka underan panliten mau, tujuwan saka panliten iki yaiku (1) Ngandharake dheskripsi naskah Jaka Seliwah, (2) Ngandharake suntingan teks naskah Jaka Seliwah, (3) Ngandharake aspek religius kang diandharake sajroning naskah Jaka Seliwah. Paedah saka panliten iki diajab bakal (1) Menehi gegambaran isining naskah marang pamaca, supaya luwih nggampangake pamaca anggone mangerteni naskah Jaka Seliwah iki lan bisa nuwuhake pamikirane pamaca ngenani kepriye carane supaya naskah minangka asiling kabudayan jaman biyen aja nganti rusak utawa ilang, (2) Menehi kawruh babagan religius kang anduweni pengaruh tumrap uripe manungsa saben dina.
Panliten iki mujudake panliten naskah lawas kanthi tintingan filologi. Panliten iki kalebu panliten kualitatif kanthi nggunakake metodhe deskriptif analitik. Sumber dhata panliten iki yaiku naskah lawas kanthi irah-irahan Jaka Seliwah. Dhata kang digunakake yaiku sakabehe tembung-tembung sajroning naskah Jaka Seliwah, mligine tembung-tembung kang nerangake babagan religius. Teknik pangumpuling dhata yaiku kanthi nggunakake teknik kartu dhata lan cathet. Cara panintinge dhata yaiku kanthi nggunakake tintingan filologi modern.
Asiling saka panliten iki ngandharake dheskripsi naskah, suntingan teks lan aspek religius sajroning naskah Jaka Seliwah. Naskah Jaka Seliwah dumadi saka 99 lembar, nanging ana rong lembar kang ilang lan salembar kang rangkap loro. Naskah iki ora ana katrangan kang cetha ngenani panulis naskah. Panulis ora nyebutake jenenge utawa biyasa diarani anonim. Naskah Jaka Seliwah iki menehi katrangan wektu panulisan naskah kanthi cetha ana ing bageyan manggala, yaiku ditulis ing malem Senen Kliwon, jam pitu, tanggal papat, Rabiulakhir, ing taun Ehe. Naskah Jaka Seliwah iki ditulis kanthi aksara Arab Pegon kang dadi salah sawijining ciri naskah pasisiran, mula naskah iki kalebu naskah pasisiran. Naskah Jaka seliwah iki arupa crita kanthi wujud tembang macapat. Naskah Jaka Seliwah iki nyritakake lelampahane paraga utama kang anduweni jeneng Jaka Seliwah anggone nggolek keadilan marang Allah. Paraga utama diwenehi jeneng Jaka Seliwah amarga warna rupane kang seliwah, yaiku warna klawu lan putih. Andharan sabanjure, yaiku suntingan teks. Suntingan teks ditindakake kanggo mbenerake tembung-tembung kang kliru sajroning naskah. Suntingan teks ing panliten iki nggunakake limang pupuh saka 44 pupuh lan saben pupuh kurang luwih ana 15 tembung kang kliru. Andharan sabanjure, yaiku aspek religius sajroning naskah Jaka Seliwah. Aspek religius sajroning naskah Jaka Seliwah iki diperang dadi telung wujud, yaiku akidah, syariah lan akhlak. Akidah sajroning naskah Jaka Seliwah iki diperang dadi telu, yaiku sipating Allah, ganjaran kang bakal ditrima, lan percaya marang Nabi lan Rasul. Syariah sajroning naskah Jaka Seliwah iki diperang dadi nem, yaiku nindakake shalat, nindakake rukun Islam, nindakake dzakat, ngadohi tumindak ala, mangun bale wisma, lan rasa welas asih. Akhlak sajroning naskah Jaka Seliwah diperang dadi lima, yaiku eling lan percaya marang Allah, narima karsaning Allah, narima ing pandum, sepi ing pamrih, lan ngabekti marang wong tuwa.
Saka andharan analisis kasebut, bisa dimangerteni yen panliten naskah Jaka Seliwah bisa menehi piguna tumrap panliti dhewe lan pamaca. Naskah Jaka Seliwah minangka naskah lawas kang bisa menehi informasi tumrap masyarakat. Mula saka iku, naskah lawas minangka asiling kabudayan jaman biyen kudu bisa diramut kanthi bener supaya ora rusak utawa ilang.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

