TINTINGAN STRUKTURAL GENETIK NOVEL DONYANE WONG CULIKA ANGGITANE SUPARTO BRATA
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25pAbstract
ABSTRAK
Kasusastran karipta ora adoh saka lelakon ing urip bebrayan. Kedadeyan apa wae kang ana ing bebrayan bisa diwedharake sajroning kasusastran. Saka pengalaman lan pangerten ngenani kedadeyan-kedadeyan kang ana ing bebrayan iku manungsa bisa ngandharake ide-ide kasebut. Saliyane iku kasusastran uga bisa dimangerteni minangka wujud refleksi kasunyatan lan kacabenggalaning manungsa ana ing bebrayan. Semono uga novel Donyane Wong Culika anggitane Suparto Brata. Novel kasebut nyritakake ngenani saperangan masalah urip bebrayan kang dialami dening paraga-paraga ing jaman komunis lan sawise orde baru. Masalah urip bebrayan kang dialami dening paraga iku amarga pepinginane para paraga ngowahi nasibe supaya luwih apik tinimbang sadurunge. Perjuwangan para paraga nggayuh cita-citane iku kang ndadekake para paraga nduweni sipat-sipat culika amarga para paraga nggunakake cara apa wae kanggo nggayuh cita-citane kasebut. Masalah kasebut kang narik kawigaten kanggo nliti novel Donyane Wong Culika anggitane Suparto Brata. Novel kasebut arep ditintingi nganggo Struktural Genetik. Tintingan struktural genetik saliyane ngrembug aspek intrinsik uga aspek ekstrinsik. Mula panliten iki arep dipunjerake marang: (1) isine novel Donyane Wong Culika anggitane Suparto Brata, (2) lingkungan sosiale Suparto Brata gegayutan karo novel Donyane Wong Culika, (3) pamawasing donya (pandangan dunia) ngenani donyane wong culika sajroning novel Donyane Wong Culika. Ancasing panliten iki yaiku: (1) ngandharake isine novel Donyane Wong Culika anggitane Suparto Brata, (2) ngandharake lingkungan sosiale Suparto Brata gegayutan karo novel Donya Wong Culika, (3) ngandharake pamawasing donya (pandangan dunia) ngenani donyane wong culika sajroning novel Donyane Wong Culika. Paedah saka panliten iki yaiku bisa menehi sumbang sih kanggo ngrembakake pengetahuan bab kasusastran, bisa nambahi referensi tumrap sapa wae kang maca, lan bisa kanggo pengayaan tumrap panliten sabanjure.
Jinis panliten kang digunakake yaiku panliten kualitatif deskriptif. Metodhe kang digunakake yaiku metodhe kepustakaan lan wawancara. Teknik pengumpuling dhata nggunakake kartu dhata lan cathethan. Teknik analisis dhata kang digunakake yaiku deskriptif analitik. Teori sajroning panliten iki yaiku teori struktural genetik kang disengkuyung dening teori sosiologi sastra lan teori resepsi pembaca.
Asiling saka panliten iki yaiku: (1) isi novel donyane wong culika kang nyritakake ngenani perjuwangan para paraga kanggo nggayuh urip supaya luwih mulya kanthi cara maneka warna, ana kang cara becik lan cara ala, nanging ing novel iki cara-cara kang ala sing paling dominan digunakake, (2) pengalamane pangripta Suparto Brata wiwit cilik nganti diwasa iku mangaribawani banget tumrap reriptane, (3) pamawasing donya (pandangan dunia) pangripta lan masyarakat ngenani donyane wong culika kayata: ngapusi, mitnah, dadi planyahan, tegelan, lan tumbak cucukan nganti saiki isih dianggep sipat-sipat kang kudu didohi utawa ora dilakoni ana ing panguripane manungsa.
Tembung wigati : Tintingan, Struktural Genetik, Novel
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

