PIWULANG SAJRONE SERAT WASITA BASA (Tintingan Filologi)

Authors

  • JAZILATUL RAKHMAH

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25p

Abstract

 

 

Abstrak

Salah sawijine naskah kang nggunakake aksara Jawa sarta didadekake objek panliten iki yaiku Serat Wasita Basa. Naskah kasebut narik kawigaten kanggo ditliti amarga: sepisan, naskah iki durung ana kang nliti. Kapindho, minangka salah sawijine naskah lawas kang kudu diuri-uri, jalaran ngandhut nilai luhur. Kaping telu, ngemot piwulang becik kanggo mahami makna urip supaya bisa mangerteni sejatining titah utawa hakikat dhiri minangka makhluke Gusti.

Underaning prekara kang pinilih sajroning panliten iki yaiku: (1) Kepriye deskripsi Serat Wasita Basa, (2) Kepriye suntingan teks Serat Wasita Basa, (3) Apa wae ajaran kang tinemu ing sajrone Serat Wasita Basa kang bisa dadi tuntunan urip bebrayan. Kanthi underaning panliten, mula bisa dijupuk ancasing panliten ing antarane: (1) Ngandharake deskripsi  Serat Wasita Basa,(2) Ngandharake suntingan teks Serat Wasita Basa, (3) Ngandharake ajaran sajroning naskah Serat Wasita Basa kang bisa dadi tuntunan ing urip bebrayan.

Paedahing panliten iki utamane bisa nyinaoni ajaran kang kinandhut ing sajrone Serat Wasita Basa, mligine ajaran urip kang becik tumrap masyarakat Jawa supaya bisa dadi manungsa kang sampurna. Kajaba iku, panliten iki bisa nggampangake pamaos nalika nyinaoni Serat Wasita Basa, dadi pitutur kang ana ing sajroning Serat Wasita Basa, bisa dimangerteni dening pamaos kanthi gamblang.

Kanggo ngonceki isi naskah iki nggunakake konsep filologi, piwulang lan etika.Panliten iki nggunakake metode deskriptif analitik, sajrone kritik teks nggunakake pamarekan filologi modern kanthi edisi diplomatik. Teori kang digunakake yaiku teori hermeneutika kanthi napsirake makna kang ana sajrone teks. Data-data ing sajrone panliten iki dikumpulake kanthi teknik kapustakan kang nggunakake kartu pangumpul data sarta teknik cathet.

Asiling panliten nuduhake deskripsi naskah, suntingan teks, sarta ajaran sajroning Serat Wasita Basa. Saka asiling deskripsi naskah bisa mangerteni kahanane naskah isih wutuh lan aksarane cetha banget. Naskah iki kaperang ana 45 lembar, wujude gancaran lan ditulis tangan. Basa kang digunakake yaiku basa Jawa anyar kang kacampuran tembung Kawi, tembung Sanskerta, lan tembung Arab.

Suntingan teks ditindakake kanthi pamarekan filologi moderen nggunakake edisi diplomatik. Trap-trapan kang ana sajroning suntingan yaiku lelandhesan transkripsi, asil suntingan, aparat kritik, komentar. Asiling suntingan teks Serat Wasita Basa ngasilake 41 tembung kang bisa dikritik, nanging kang diwenehi komentar 36.

Piwulang kang kinandhut sajroning Serat Wasita Basa iki kang ana sesambungane karo etikane wong Jawa yaiku kasampurnan, mula sajrone analisis iki diperang dadi telu, yaiku (1) piwulang kang gegayutan karo awake dhewe kaperang dadi 6 sub yaiku (a) hawa nepsu, (b) andhap asor, (c) budi luhur, (d) ngelmu, (e) ati-ati, lan (f) waskitha; (2) piwulang kang gegayutan karo masyarakat yaiku ngandharake ajaran ngenani guyub rukun. (3) piwulang kang gegayutan karo Pangeran kaperang dadi loro, yaiku (a) percaya, lan (b) mituhu.

 

Tembung wigati (kata kunci)            : piwulang, serat, filologi

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2013-08-13

How to Cite

RAKHMAH, J. (2013). PIWULANG SAJRONE SERAT WASITA BASA (Tintingan Filologi). Jurnal Online Baradha, 1(3). https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%p
Abstract views: 83 , PDF Downloads: 47