BASA AWAK BIS "JAYA" TRAYEK SURABAYA - PONOROGO (Analisis Sosiolinguistik)

Authors

  • FUAD ABDUL GHAFAR AS

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25p

Abstract

 

 

Abstrak

Basa yaiku piranti kanggo guneman antarane pawongan siji klawan pawongan liyane. Basa minangka piranti kanggo srawung, kahanane tansah owah. Ing sajrone basa iki ana babagan kang ngandharake ngenani sosiolinguistik. Sosiolinguistik yaiku minangka ilmu ngenani basa lan masyarakat sosial. Tegese, basa lan masyarakat nduweni peran minangka sumbering masalah kang ana ing jerone sosiolinguistik.

Ana ing sajroning guneman, panutur kudu ngandharake kang dikarepake kanthi nggunakake ukara kang cetha lan gampang dimengerteni, panutur ana kalane ngandharake sawijining bab kudu njupuk unsur basa saka basa liya supaya kang arep diandharake bisa luwih gampang dimangerteni. Adhedhasar alasan mau mulabasa para awak bis jaya jurusan SurabayaPonorogo iki mau bisa narik kawigaten panliti kanggo ndadekake babagan iki dadi Panliten ing skripsi.

Perkara ing Panliten iki cacahe ana telu, yaiku (1) Apa wae basa  kang digunakake nalika ana ing sajrone bis jaya jurusan Surabaya-Ponorogo?(2) Kapan wayahe ngucapake basa  iku mau?(3) Apa wae kanggone basa  kang digunaake ing bis jaya jurusan Surabaya Ponorogo?

Panliten iki kanthi umum nduweni ancas yaikungandharake wujude ragam basa, perkara sing ana ing sajrone sosiolinguistik, kagunaan sosiolinguistik lan gayutane sosiolinguistik karo ilmu liyane.

Panlitenikinggunakake objek bis jaya kang nduweni jurusan Surabaya Ponorogo. Panliten iki uga nggunakake ancangan lan wewatesan. Ancangan kang ana ing Panliten iki yaikudeskriptif kualitatif, dene wewatesane yaiku ragam basa lan panganggone basa sing digunakakeawak bis lan penumpang bis jaya jurusan SurabayaPonorogo.

Panliten iki nganggo metode simak, cathet, lan rekam. Adhedhasar cara iku mau, mula ing Panliten iki ditemokake wujude basa kang digawe para awak bis jaya ana 4, yaiku: (1) kernet marang sopir, kernet marang kondhektur, kernet marang penumpang. (2) Sopir marang kernet, sopir marang kondhektur (3) kondhektur marang sopir, kondhektur marang kernet lan kondhektur marang penumpang (4) penumpang marang kernet lan penumpang marang kondhektur.

 

Abstrak

Bahasa merupakan sarana yang digunakan untuk berinteraksi dengan orang lain. Bahasa senantiasa mengalami perubahan .Penutur harus menjelaskan maksud tuturannya dengan menggunakan kalimat yang jelas dan mudah dimengerti. Dalam ilmu bahasa ada penjelasan mengenai sosiolinguistik. Sosiolinguistik yaitu ilmu yang membahas bahasa dan masyarkat sosial . Artinya bahasa dan masyarakat mempunyai peranan sebagai sumber masalah yang ada di dalam sosiolinguistik.

                Di dalam sebuah percakapan penutur harus menjelaskan apa yang ingin disampaikan dengan menggunakan kalimat yang jelas dan mudah dimengerti, penutur ada kalanya ketika menjelaskan mengambil unsur bahasa dari bahasa lain supaya apa yang ingin disampaikan bisa lebih di mengerti. Berdasarkan alasan diatas maka bahasa para awak bis jaya jurusan Surabaya Ponorogo dapat menarik perhatian peneliti untuk di jadikan objek penelitian skripsi.

                Terdapat tiga masalah di dalam penelitian ini, yaitu : (1) apa saja bahasa  yang digunakan ketika didalam bis jaya jurusan Surabaya Ponorogo. (2) kapan saja bahasa  digunakan. (3) apa saja manfaat bahasa  yang di gunakan di dalam bis jaya jurusan Surabaya Ponorogo.

                Secara umum peneliti mempunyai tujuan yaitu menjelaskan bentuk ragam bahasa dan menjelaskan masalah yang ada didalam sosiolinguistik fungsi sosiolinguistik dan hubungan sosiolinguistik dengan ilmu lainya.

                Peneliti menggunakan objek bis jaya jurusan Surabaya Ponorogo. Peneliti juga menggunakan rancangan dan batasan. Rancangan yang ada di dalam penelitian ini yaitu deskriptif kwalitatif, dan batasanya adalah ragam bahasa dan penggunaan bahasa yang digunakan awak dan penumpang bis jaya jurusan Surabaya Ponorogo.

                Peneliti menggunakan metode menyimak, mencatat, dan merekam. Berdasarkan metode tersebut peneliti menemukan 4 bentuk bahasa yang digunakan para awak bis jaya yaitu (1) kernet kepada sopir, kernet kepada kondektur, kernet kepada penumpang. (2) sopir kepada kernet, sopir kepada kondektur. (3)  kondhektur kepada sopir, kondhektur kepada kernet, kondhektur kepada penumpang. (4)  penumpang kepada kernet dan penumpang kepada kondektur. 

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2013-08-15

How to Cite

ABDUL GHAFAR AS, F. (2013). BASA AWAK BIS "JAYA" TRAYEK SURABAYA - PONOROGO (Analisis Sosiolinguistik). Jurnal Online Baradha, 1(3). https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%p
Abstract views: 40 , PDF Downloads: 30