WERNANE BASA HUMOR SAJRONE DHAGELAN JO KLITHIK JO KLUTHUK
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25pAbstract
Abstrak
Humor utawa lawakan sajroning pementasan Kethoprak apadene Lodrug sejatine kalebu caturane antarane pamicara lan mitra wicara kaya dene urip ing padinan. Kang mbedakake kekarone manggon ana ing ekspresi lan isine caturan. Cethane, lawakan iku isine suwalike caturan. Kang ngemu maksud terkadhang malah bisa gawe nesune mitra wicara utawa pamicara jalaran ana bab kang aeng sajrone caturan. Bab aeng kang kaya mangkene iki mau kang kudu justru ana sajrone dhagelan.
Punjere panliten iki yaiku pelanggaran prinsip kerjasama apa wae ing kumpulaning basa humor sajrone dhagelan Jo Klithik Jo Kluthuk, pelanggaran prinsip kesopanan apa wae ing kumpulaning basa humor sajrone dhagelan Jo Klithik Jo Kluthuk. Tujuwan panliten iki yaiku ngandharake pelanggaran prinsip kerjasama apa wae ing kumpulaning basa humor sajrone dhagelan Jo Klithik Jo Kluthuk. Ngandharake pelanggaran prinsip kesopanan apa wae ing kumpulaning basa humor sajrone dhagelan Jo Klithik Jo Kluthuk. Panliten iki bisaa migunani tumrap kajian tindak tutur lan ngrembakane ilmu pragmatik.
Panliten babagan pelanggaran maksim sajrone dhagelane Jo Klithik Jo Kluthuk iki sipate deskripsif lan sacara metodologis panliten iki klebu ing panliten linguistik sinkroni. Basa kang digunakake ing panliten iki yaiku basa jawa. Sumbere data yaiku rekaman dagelane Jo Klithik Jo Kluthuk. Tata cara ngumpulake data nganggo teknik nyemak bebas libat cakap lan nyathet.
Babagan tata cara pangolahing data, teknik kang ditrapake ing panliten iki yaiku teknik analisis data. Dene tata cara ngandharake asil analisis data ing panliten iki yaiku kanthi cara informal, yaiku ngandharake analisis data kanthi nggunakake tetembungan sing lumrah.
Adhedhasar asile andharan lan jlentrehan data, wernane basa sajrone dagelan jo klithik jo kluthuk punjere bisa kaperang dadi rong warna yaiku pelanggaran maksim kerjasama Grice lan pelanggaran maksim kesopanan Leech. Prinsip kerjasama sajrone ragam basa dhagelan Jo Klithik Jo Kluthuk luwih sithik panganggone tinimbang pelanggaran prinsip-prinsip kasebut. Prinsip kesopanan sajrone ragam basa dhagelan Jo Klithik Jo Kluthuk luwih sithik panganggone tinimbang pelanggaran prinsip-prinsip kasebut. Kabeh pelanggaran sajrone maksim kerjasama lan kesopanan pranyata mujudake surasa kang lucu, amarga nuduhake wangsulan utawa andharan kang nyleneh tur beda karo padatan.
Tembung wigati:
(1) Wernane basa
(2) Humor
(3) Dhagelan Jo Kluthuk Jo Klithik
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

