MODEL PASINAON MACA GURITAN DENING SUMONO ING SMPN 1 PANGGUL KELAS IX C

Authors

  • YUSUF WIDHIARSO

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25p

Abstract

ABSTRAK

Piwulangan Basa Jawa, mligine ing materi maca guritan, kerep dianggep minangka kegiyatan kang mbosenake, kurang nantang, lan kurang diperlokake ing padinan amarga basa kang ana ing guritan angel dimangerteni. Mula saka iku, perlu meruhi cara kang ditindakake dening saperangan guru sajrone mulangake materi maca guritan. Kalebu meruhi modhel pasinaon kang digunakake dening guru kang juru gurit. Iki katindakake supaya mangerteni modhel pasinaon sing endi kang bisa ditrepake kanggo mulang materi maca guritan.

Gayut karo andharan mau, bisa didudut underane rembug ing panliten iki yaiku: (1) Kepriye anggone ngrancang pasinaon maca guritan kang ditindakake dening Sumono? (2) Kepriye modhel pasinaon maca guritan kang ditindakake dening Sumono? (3) Kepriye pandadare pasinaon maca guritan kang ditindakake dening Sumono?. Adhedhasar punjering panliten mau, panliten iki nduweni tujuwan yaiku : (1) Ngandhrake ngenani rancangan pasinaon maca guritan dening Sumono. (2) Ngandharake modhel pasinaon maca guritan dening Sumono. (3) Ngandharake pandadare pasinaon maca guritan dening guru kang juru gurit.

Paedahing panliten yaiku ngandharake babagan modhel pasinaon maca guritan dening guru kang juru gurit. Lan kanggo panyengkuyung pasinaon basa Jawa. Saliyane iku, mbok menawa panliten iki bisa migunani kanggo mahasiswa ing Jurusan Basa Jawa, uga piwulang Basa Jawa ing sekolah-sekolah mligine babagan wulangan sastra.

Panliten babagan modhel pasinaon maca guritan iki kanthi cara potret yaiku ngandharake kang ditindakake dening Sumono nalika nindakake pasinaon maca guritan. Tata cara kang digunakake nalika nintingi dhata nggunakake metode deskriptif kualitatif, yaiku tata cara ngonceki dhata kanthi nggunakake tembung, dudu angka kang bisa menehi katrangan utawa andharan panliten adhedhasar dhata kang diasilake saka subjek panliten.

          Babagan tata cara panglumpuke dhata nggunakake metodhe observasi, perekaman, wawancara, lan teknik cathet. Ngenani subjek ing panliten yaiku Sumono, dene kang dadi objek yaiku anggone nindakake pasinaon maca guritan. Piranti kang digunakake sajrone panliten yaiku panliti, kamera kanggo ngrekam, buku cathetan, lan laptop utawa komputer. Tata cara ngandharake dhata nggunakake cara deskriptif yaiku ngandharake kanthi nggunakake tetembungan.

Andharan ngenani pasinaon maca guritan dening Sumono kawiwitan saka rancangan pasinaon kang digawe. Rancangan pasinaon kang digawe dening Sumono minangka pangrembakane rancangan saka MGMP kang didadekake RPP karakter lan digayutake klawan kahanane siswa lan sekolahan. Tata lakune pasinaon katindakake kanthi sistematis awit pambuka, punjere lan panutupe pasinaon. Pandadaran kang ditindakake uga mujudake pandadaran performansi kang trep klawan pasinaon maca guritan. Metodhe kang digunakake ing pasinaon maca guritan minangka metodhe gabungan antarane ceramah lan tanya jawab. Modhel pasinaon kang digunakake Sumono minangka permodhelan. Guru menehi tuladha maca guritan lan minangka modhel.

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2013-08-26

How to Cite

WIDHIARSO, Y. (2013). MODEL PASINAON MACA GURITAN DENING SUMONO ING SMPN 1 PANGGUL KELAS IX C. Jurnal Online Baradha, 1(3). https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%p
Abstract views: 42 , PDF Downloads: 11