TINTINGAN STRUKTURAL MITOS RARA KIDUL ING DESA NGLEBENG KECAMATAN PANGGUL KABUPATEN TRENGGALEK

Authors

  • NURUDIN AGUS KURNIAWAN

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25p

Abstract

Abstrak


Mitos yaiku bab kang dianggep dening pangugeme minangka sawijine piwates tumindak kang bisa ndadekake kacilakan. Senajan mung sarana lesan, nyatane mitos bisa kajaga nganti saiki, jaman kang sarwa modern. Mitos kang wis ana ing pirang-pirang wewengkon ngenani mitos apa wae ora bakal cures, malah bisa nuwuhake mitos kang anyar. Kapercayan marang mitos mujudake sawijining wujud kabudayan kang nuduhake pamawase masyarakat tradhisional. Sajrone panliten ngenani mitos Nyi Rara Kidul, andharandhata saka panliten lan jlentrehandhataasilingpanlitennggunakaketintinganStrukturalisme.

Dhata saka panlitenikibakalngandharakewujudemitosNyi Rara Kidul ing desa Nglebeng kecamatan Panggul kabupaten Trenggalek. KahananemitosNyi Rara Kidul ing desa Nglebeng diperangdaditeluyaiku, (1)ragam lan wujude mitos, (2) wektu anane sirikan lan paraga kang nuwuhake sirikan lan wektu dumadine mitos.Rong perkara kuwi  bakal  diandharake kanggo ngudhar bab-bab kang wigati sajroning kapercayane bebrayan Nglebeng marang mitos Nyi Rara Kidul.

Tujuan panliten yaikumangerteniwujude mitos Nyi Rara Kidul ing desa Nglebeng kecamatan Panggul kabupaten Trenggalek. Tujuan sing kapindho yaiku njlentrehakestruktur kapercayan masyarakat ngenani mitos Nyi Rara Kidul ing desa Nglebeng kecamatan Panggul kabupaten Trenggalek. Ing panliten iki panliti nggawe telung metodhe pangumpulan dhata yaiku wawancara, rekam, cathet.

JlentrehanpanlitenkanthitintinganStrukturalisme Levis-Strauss nganggep mitos kaya dene basa kang manggon ana rong wektu. Sepisan, andharan kang ana ing gatra sadurunge nuduhake yen mitos kang wus karipta kuwi minangka bab kang dianggep sakral lan kalaksanan ing wektu kang wis kapungkur. Kapindho, mitosugabisanuduhake ananepola-polarelasikangisihanangantisaiki.Tegeserelasiing kene yaikuanane sesambungan lan orabisauwalsakapanguripanemanungsasenajanjamanwissayamaju.Mitos-mitos kang wis sumebar ora dimangerteni sapa kang nuwuhake mitos kasebut, lan bisa diarani duwe sipat anonim. Analisis strukturalisme Levi-Strauss nggoleki struktur-struktur kang beda-beda nganut mitos kang ditliti. Mula,analisisstrukturalismesajronemitos Nyi Rara Kidulingdesa Nglebengikiadhedhasarmarang pitungwilahanteoristruktural Levi-Straussyaiku, (1) sistem politik mitos, (2) sistem sosial mitos, (3) sistemekonomi, (4) sistemregulasisosial, (5) resepsikritis (6) sistemproyeksi, lan (7) sistem relasi.

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2013-08-28

How to Cite

AGUS KURNIAWAN, N. (2013). TINTINGAN STRUKTURAL MITOS RARA KIDUL ING DESA NGLEBENG KECAMATAN PANGGUL KABUPATEN TRENGGALEK. Jurnal Online Baradha, 1(3). https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%p
Abstract views: 29 , PDF Downloads: 26