PANGANAN TRADHISIONAL KABUPATEN TULUNGAGUNG (TINTINGAN FOLKLOR)

Authors

  • VIA PUSPITA SARI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25p

Abstract

Abstrak


Kang dadi underaning panaliten, yaiku: (1)  Kepriye wujud lan cara nggawene panganan tradhisional Kabudayan iku ora bisa uwal saka panguripane manungsa, awit saka sistem religi nganti sumber sandhang pangan tetep ana gegayutane karo kabudayan. Salah sijine jinis kabudayan yaiku panganan tradhisional. Panganan tradhisional salah sawijine wujud kabudayaan kang kudu dileluri. Kaya dene panganan kang kerep didol ing pasar yaiku sompil, punte, jenang lan sapanunggale. Panganan khas Tulungagung ora amung diarani panganan tradhisional ananging bisa diwhedhar kanthi luwih rowa lan jero ngenani kepriye jinis-jinis, wujud lan cara nggawene panganan iku. Jinis-jinis panganan khas kasebut narik kagiyatane panaliti kanggo dijlentrehake luwih jembar kanthi tintingan folklor.

khas ing Tulungagung, (2) Kepriye fungsi panganan tradhisional tumraping masyarakat. Panaliten iki nduweni tujuan kanggo ngandharake wujud lan cara nggawene panganan tradhisional khas ing Tulungagung lan ngandharake fungsi panganan tradhisional tumraping masyarakat. Kang dadi paedahe panaliten yaiku bisa njaga lan nglestarekake panganan tradhisional Kabupaten Tulungagung, menehi wawasan lan gambaran ngenani panganan tradhisional Kabupaten Tulungagung lan bisa ngenalake jinis panganan tradhisional Kabupaten Tulungagung.

Kanggo ngonceki perkara kang dadi punjering panaliten, digunakake pamawase Hutomo (1991:64) ngenani folklor pamawase Danandjaja (1986:2) ngenani simbol minangka pralambang pamawase Poerwadarminta (1937:947).

Panaliten ngenani Panganan tradhisional Kabupaten Tulungagung migunakake methode dheskriptif kualitatif. Panaliten dheskriptif iku mujudake panaliten non hipotesis kanthi tujuwan nggambarake wujud, kanthi nggunakake ancangan kualitatif. Kang dadi objek lan papan panaliten yaiku ing pasar-pasar ing Kabupaten Tulungagung. Sumber panaliten yaiku panganan ing Kabupaten Tulungagung, kang dadi informan yaiku warga kang dianggep mangerteni babagan panganan khas Tulungagung. Data panaliten yaiku asil saka wawanrembug kang arupa teks lisan uga chatetan. Instrumen panaliten sing digunakake yaiku panulis amarga panulis sing nindakake panaliten iki diwujudake arupa laporan kang disusun wiwit nol nganti pamungkasan lan kanggo nyengkuyung nindhakake panaliten. Kang dadi isntrumen yaiku tape recorder, kamera lan buku catetan. Tatacara ngumpulake data yaiku Observasi, wawanrembug lan dokumentasi. Tatacara ngolah data ana telung ambalan kang dilakoni yaiku open coding, acial coding lan selective coding.

Panganan tradhisional kabupaten Tulungagung iki isih akeh panganane. Nanging ing kene panaliten bisa njupuk mung ana rong puluh wujud panganan kang bisa diteliti, yaiku geti, jenang sabun, jenang manten, lodho, punten, kicak, cenil, cimplong, sega patik, sega loncom, krupuk rambak, bubur ketan, emping melinjo, tape bakar, utri, gethuk, gathot, thiwul, growol, iwel-iwel. Panganan-panganan iki nduweni fungsi yaiku fungsi profan lan magis.  Miturut Kamus Besar Indonesia (2001:897) Profan yaiku ora ana sangkutane karo agama, utawa tujuwan keagamaan, lawan skral. Ora kudus (suci). Magis yaiku nduweni sipat magi, nduweni sambungan karo bab utawa kelakuan magi (Kamus Besar Indonesia 2001:695).

Panganan profan yaiku fungsine kanggo perekonomian keluarga, kanggo oleh-oleh, perekonomian restoran, panganan dinan-dinan, panganan camilan, perekonomian warung, perekonomian usaha ing pasar lan perekonomian ing omah. Panganan magis yaiku fungsi kanggo riyayan, kanggo tahlilan,  slametan sing nduwe kajatan, ana pas wekru jumat kliwon, slametan pindah omah, slametan uba rampe lan slametan pitung wulane bayi.

Sing kalebu panganan profan yaiku: geti, jenang sabun, jenang manten, lodho, punten, kicak, cenil, cimplong, sega patik, sega loncom, krupuk rambak, bubur ketan, emping melinjo, tape bakar, utri, gethuk, gathot, thiwul, growol, iwel-iwel. Sing kalebu ing magis yaiku: geti, jenang sabun, jenang manten, lodho, iwel-iwel.

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2013-08-28

How to Cite

PUSPITA SARI, V. (2013). PANGANAN TRADHISIONAL KABUPATEN TULUNGAGUNG (TINTINGAN FOLKLOR). Jurnal Online Baradha, 1(3). https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%p
Abstract views: 103 , PDF Downloads: 74