AKULTURASI BUDAYA LAN SINKRETISME SAJRONING SULUK RESI DRIYA
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25pAbstract
ABSTRAK
Suluk Resi Driya kang sabanjure dicekak SRD mujudake salah sawijining karya sastra Jawa Anyar. Minangka karya sastra Jawa anyar, SRD ngandhut bab-bab kang ana gegayutane karo agama Islam. Agama Islam tuwuh lan ngrembaka ing tanah Jawa laras klawan kapercayan sarta kabudayan masyarakat ing tanah Jawa. Mula, dumadi sawijining akulturasi utawa cecampuran antarane budaya Jawa klawan Agama Islam ing tanah Jawa. Akulturasi kang ngupaya anane campuran saka rong pamawas kang sejatine beda kasebut sajroning khazanah studi budaya diarani sinkretisasi.
Adhedhasar landhesaning panliten ing dhuwur, prakara kang dirumusake sajroning panliten iki, yaiku: 1) kepriye wujude deskripsi naskah tumrap SRD? 2) kepriye wujude akulturasi budaya lan sinkretisme sajroning naskah SRD? Adhedhasar telung prakara ing dhuwur, ancasing panliten iki, yaiku: 1) ngandharake wujude deskripsi sajroning naskah SRD, 2) ngandharake wujude akulturasi budaya lan sinkretisme sajroning naskah SRD. Panliten iki diajab bisa mupangati tumrap 1) panliti, panliten filologis iki diajab bisa menehi kawruh ngenani isine naskah SRD sarta bisa menehi pengalaman anyar, 2) pamaos, bisa menehi wawasan sajroning mangerteni lan mahami isi sawijining naskah, mligine naskah SRD, lan 3) pamulangan sastra, bisa digunakake minangka bahan pasinaon sastra lan uga bisa didadekake sumber informasi ngenani filologi tumrap karya sastra naskah.
Panliten iki mujudake panliten deskriptif kanthi tintingan filologi lan metode hermeneutika. Sumber data arupa naskah kang asale saka salah sawijining warga Desa Sidomulyo, Kecamatan Pule, Kabupaten Trenggalek. Data panliten iki awujud ukara-ukara kang wujude gatra tembang macapat kang ngandhut akulturasi lan sinkretisme. Tata cara pangumpuling data yaiku kanthi cara teknik pustaka. Tata cara pangulahaning data yaiku kanthi metodhe deskriftif analitik.
Asile saka panliten iki yaiku deskripsi naskah sarta wujude akulturasi budaya lan sinkretisme sajroning naskah SRD. Wujude akulturasi budaya yaiku tinemu sajroning 1) basa kang digunakake yaiku basa Arab kang digabung klawan basa Jawa, 2) sesebutan kanggo nyebut Asmane Gusti Allah, 3) Ngenani wong kang dianggep keramat. Wujude sinkretisme ana rong perangan yaiku babagan kapercayan lan babagan ritual. Babagan kapercayan yaiku 1) ngenani Nabi Muhammad lan nabi-nabi liyane, 2) ngenani roh-roh leluhur utawa roh penjaga utawa dhanyang, 3) ngenani jim lan setan, lan 4) ngenani kasekten. Wondene babagan ritual yaiku 1) shalat lan 2) tirakat.
Tetembungan wigati: akulturasi, sinkretisme, Islam-Jawa
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

