"BATIK JONEGOROAN" ING DESA PRAYUNGAN, SUMBEREJO, BOJONEGORO (Tintingan Wujud, Makna, Ekologi Budaya lan Fungsi)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n3.p%25pAbstract
ABSTRAK
Bathik mujudake asil kabudayan sing nduweni piguna tumrap masyrakat panyengkuyunge.“Bathik Jonegoroan” yaiku sawijine kabudayan dhaerah sing asale saka Kabupaten Bojonegoro. “Bathik Jonegoroan” nduweni maneka werna motif sing nduweni gegayutan klawan kahanan alam lan budayane Kabupaten Bojonegoro. Wujud, makna, lan fungsi “Bathik Jonegoroan” bakal ditintingi klawan kajian folklore lan digayutake klawan kahanan ekologi Kabupaten Bojonegoro.
Saka jlentrehan mau, bisa dijupuk patang underan panliten, yaiku :1) Kepriye mula bukane “Bathik Jonegoroan” ing Kabupaten Bojonegoro? 2) Apa wae wujud lan makna ing motif “Bathik Jonegoroan” kawawas saka ekologi Bojonegoro? 3) Apa fungsine “Bathik Jonegoroan” tumrap masyarakat?.Underan panliten mau nduweni tujuwan kanggo: 1) Ngandharake mula bukane “Bathik Jonegoroan” ing Kabupaten Bojonegoro. 2) Ngandharake wujud lan makna ing motif “Bathik Jonegoroan”kawawas saka ekologi Bojonegoro. 3) Ngandharake fungsi “Bathik Jonegoroan” tumrap masyarakat Kabupaten Bojonegoro.Panliten iki diajab bisa menehi paedah arupa :1) Tumrap ilmu kabudayan, panaliten iki bisa menehi sumbang sihing jagading ilmu kabudayan yaiku nambahi kawruhing bab bathik; 2) Tumrap panliti, panliten iki bisa nambahi kawruhe panliti ngenani bab bathik Jonegoroan. Kejaba iku diajab bisa menehi pengalaman panliti supaya bisa ngrembakake ilmune, mligine ing babagan kabudayan; 3) Tumrap pamaos, panliten iki bisa nambahi kawruhe pamaos ngenani kabudayan mligine bab“Bathik Jonegoroan”.
Teori sing digunakake kanggo nganalisis makna lan wujud yaiku teori semiotik saka Pateda, teori sing digunakake kanggo nganalisis fungsi yaiku teori fungsi saka Malinowsky, dene teori kang digunakake kanggo nganalisis ekologi budaya yaiku teori ekologi saka Ihromi. Metode sing digunakake yaiku metode dheskriptif kualitatif, kanthi objek arupa “BathikJonegoroan”. Instrumen utamane yaiku panliti iku dhewe. Sumberdatane arupa “BathikJonegoroan”. Data panliten diklumpukake kanthi cara wawancara, observasi, dhokumentasi, lan studi pustaka. Data sing wis nglumpuk banjur dianalisis kanthi dheskriptif lan nggunakake teori hermeneutik saka Palmer.
Asiling panliten ngrembug ngenani etnografi Desa Prayungan (pendhudhuk Desa Prayungan, sistem pangupajiwa Desa Prayungan, pendhidhikan, lan agama sing dianut masyarakat Desa Prayungan) minangka papan panggonan panliten, wujud “Bathik Jonegoroan”, makna “Bathik Jonegoroan”,ekologi Kabupaten Bojonegoro lan fungsi “Bathik Jonegoroan”.Fungsi “Bathik Jonegoroan” yaiku minangka sarana pendhidhikan, hiburan, pangupajiwa, sistem proyeksi masyarakat, sarana kanggo ngraketake paseduluranlan idhentitas sawijine dhaerah. Makna saka motif “Bathik Jonegoroan” mujudake pangajabe masyarakat Kabupaten Bojonegoro. Pangajabe laras klawan motif sing ana ing “Bathik Jonegoroan”.
Dudutan panliten iki nuduhake anane gegayutan antarane ekologi Kabupaten Bojonegoro klawan wujud, makna, lan fungsi “Bathik Jonegoroan”. Sawijine tuladha yaiku sajronemotif parang dahana mungal ing keneobjek kang utama yaiku kahyangan api. Kahyanagan api minangka sawijine kahanan alam sing ana ing Bojonegoro lan nduweni makna arupa pangajab supaya masyarakat Kabupaten Bojonegoro nduweni semangat sing makantar-kantar kaya geni sing empan kasebut, supaya bisa nindakake pakaryan kanthi bener. Motif “Bathik Jonegoroan” nggambarake kahanan alam lan SDA kang ana ing Kabupaten Bojonegoro. Motif kasebut bisa dadi sarana kanggo ngenalake SDA lan budaya ing Kabupaten Bojonegoro supaya dikenal dening bebrayan agung.
Tembung pepenget: bathik, ekologi, makna, wujud, fungsi
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

