TRADHISI JAMASAN PUSAKA TOSAN AJI ING DESA PERUNGGAHAN KULON KECAMATAN SEMANDING KABUPATEN TUBAN

  • FT MUKARROMAH MUKARROMAH Mukarromah
  • yohan susilo UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Abstract

ABSTRAK

TRADHISI JAMASAN PUSAKA TOSAN AJI ING DESA PERUNGGAHAN KULON KECAMATAN SEMANDING KABUPATEN TUBAN

(KAJIAN FOLKLOR)

Tradhisi sawijine kabiyasan-kabiyasan kang asipat magis religius saka masyarakat asli kang perangane nganani budaya, norma-norma , hukum, lan paugeran-paugeran kang gandheng rumaket, banjur dadi sawijine sistem utawa paugeran kang trep sarta nyukupi kabeh konsep sistem budaya saka sawijining kabudayan kanggo ngatur tumindak sosial. Tradhisi kalebu sakabehe kang diwarisake saka turun-tinurun nganti jaman samangke. sawijine kabudayan lair karana anane kapinginan manungsa kanggo nyukupi kebutuhane, sajrone tindak-tanduk, pola panguripan, perekonomian, pertanian, sertifikasi sosial, religi, mitos lan sapiturute. Aspek kasebut banjur kudu dicukupi, dening manungsa sajrone panguripan lan uga ngasilake spontanitas laire kabudayan lan tradhisi. Tradhisi jamasan pusaka yaiku sawijine cara kanggo nyucikake pusaka kayata keris, tombak lan sapiturute karana samubarang kasebut dipercaya nduweni daya kang asipat magis. Sajrone masyarakat Jawa tradhisi jamasan pusaka diadakake saben sasi sura kaya dene tradhisi jamasan pusaka

 

tosan aji (TJPTA) ing Desa Perunggahan Kulon Kecamatan Semanding Kabupaten Tuban. Tradhisi Jamasan Pusaka Tosan Aji miturut masyarakat yaiku sawijine sarana kanggo nyucikake samubarang kang dipercaya nduweni daya magis, uga sawijine cara kanggo mbuwak rereget saka diri manungsa. Panliten iki bakal ngrembug 1) kepriye mula bukane TJPTA ing Desa Perunggahan Kulon Kecamatan Semanding Kabupaten Tuban, 2) tata cara TJPTA, 3) Umbarampe TJPTA, 4) Fungsi TJPTA, lan 5) owah-owahan sajrone TJPTA. Sajrone panliten iki nggunakake konsep folklor panemune Danandjaja. Panliten iki nggunakake ancangan panliten dheskriptif kualitatif. Sumber dhata kang ana sajrone panliten kaperang dadi sumber dhata primer lan sekunder. Instrument panliten yaiku panliti, lembar observasi, dhaptar pitakonan lan alat bantu. Teknik ngumpulake dhata kanthi cara observasi, wawancara, lan dhokumentasi, analisis dhata nggunakake open coding, axial coding, lan selektif.

Tembung kang Wigati : Tradhisi Jamasan Pusaka, Budaya, Folklor

Published
2022-01-24
How to Cite
MUKARROMAH, F., & susilo, yohan. (2022). TRADHISI JAMASAN PUSAKA TOSAN AJI ING DESA PERUNGGAHAN KULON KECAMATAN SEMANDING KABUPATEN TUBAN. JOB (Jurnal Online Baradha), 15(6). https://doi.org/10.26740/job.v15n6.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 30
PDF Downloads: 23