CRITA SAMBUNG LURUNG ANGGITANE SUHINDRIYO (Tintingan Antropologi Sastra)

Authors

  • DINA PUTRI ANGGRAINI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v2n1.p%25p

Abstract

 

 

Abstrak

Crita sambung “Lurung” anggitane Suhindriyo iki nyritakake panguripane bebrayan dhusun Kemlaka kang isih tradhisional. Cerbung Lurung iki ngandharake kabudayane bebrayan Jawa kang isih diugemi nganti jaman saiki. Sistem pranatan sosial lan kabudayan bebrayan Jawa sarta daya pangaribawane tumrap reriptan sastra, narik kawigaten kanggo ditliti, amarga pranatan sosial lan kabudayan bebrayan Jawa iku titi khase bebrayan Jawa kang misuwur.

Adhedhasar landhesan panliten kasebut, bisa dijupuk underaning panliten, yaiku (1) kepriye wujude cerbung “Lurung” anggitane Suhindriyo, (2) kepriye tintingan antropologis cerbung “Lurung” anggitane Suhindriyo, lan (3) kepriye daya pangaribawane kabudayan tumrap cerbung “Lurung” anggitane Suhindriyo. Saka underaning panliten kasebut, mula tujuwan panlitene yaiku (1) Ngandharake wujude cerbung “Lurung” anggitane Suhindriyo, (2) Ngandharake tintingan antropologis cerbung “Lurung” anggitane Suhindriyo, lan (3) Ngandharake daya pangaribawane kabudayan tumrap cerbung “Lurung” anggitane Suhindriyo. Panliten iki diajab  bisa nambah kawruh ngenani telaah sastra Jawa, mligine kanthi tintingan antropologi sastra. Panliten iki uga diajab bisa mbiyantu para maos supaya luwih ngerteni isine cerbung kasebut, utamane kabudayane Jawa.

Panliten iki nggunakake teori antropologi sastra kanggo ngonceki underaning panliten. Panliten iki klebu panliten deskriptif kualitatif kang nggunakake sumber data arupa  cerbung “Lurung” anggitane Suhindriyo kang kapacak ing kalawarti Djaka Lodang taun 2011. Kanggo ngumpulake data kang dibutuhake, nggunakake metode kapustakan lan teknik maca sarta cathet.

Asile panliten iki yaiku cerbung “Lurung” iki mujudake reriptan sastra realis, yaiku reriptan sastra kang nggambarake kahanan kang slaras karo kahanan ing kanyatan. Iki bisa dititi saka unsur-unsur reriptan sastrane kang nggambarake kahanan ing kanyatan, yaiku paraga, alur, konflik, kelir, lan temane. Perangan-perangan antropologis cerbung “Lurung” yaiku panguripane bebrayan dhusun Kemlaka kang isih tradhisional lan nduweni pakaryan baku anam besek. Wewangunan omah Jawa ing dhusun Kemlaka. Panganan, sandhangan, lan kesenian khas bebrayan Jawa. Bebrayan dhusun Kemlaka uga ngugemi bab pranatan sosial, yaiku uluk salam, ngurmati tamu, ngurmati wong kang luwih tuwa, lan drajade luwih luhur. Adat istiadat kang isih diugemi nganti seprene yaiku adat merti dhusun. Mitos-mitos kang isih diugemi dening bebrayan dhusun Kemlaka, yaiku mitos dina geblag, lakon wayang lan dhalange, lan pralambang kewan. Kabudayan Jawa kasebut, nduweni daya pangaribawa kang gedhe banget tumrap reriptan sastra. Kanthi perangan-perangan antropologis kasebut, cerbung “Lurung” kebak kawruh ngenani kabudayan lan sejarah.


Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2014-01-21

How to Cite

PUTRI ANGGRAINI, D. (2014). CRITA SAMBUNG LURUNG ANGGITANE SUHINDRIYO (Tintingan Antropologi Sastra). Jurnal Online Baradha, 2(1). https://doi.org/10.26740/job.v2n1.p%p
Abstract views: 34 , PDF Downloads: 44