LEGENDHA JENENG DESA ING KECAMATAN JOGOROTO KABUPATEN JOMBANG (Tintingan Struktur, Fungsi, lan Nilai Budaya)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v2n1.p%25pAbstract
Abstrak
Kecamatan Jogoroto minangka salah sawijine kecamatan kang manggon ing Kabupaten Jombang. Kecamatan Jogoroto nduweni suwelas desa kang bisa didhudhah kepriye crita asal-usule amarga durung ana kang tau nliti babagan iki. Kecamatan iki minangka salah sawijine kecamatan kang kawentar babagan agamane utamane agama Islam. Durung ana panliten khusus ngenani crita asal-usul jeneng desa ing Kecamatan Jogoroto. AmungĀ sithik para muda kang mangerteni. Kahanan iki ndadekake salah sijine alesan kanggo panliti nganakake panliten ngenani legenda ing dhaerah Kecamatan Jogoroto, lan uga usaha kanggo ndhokumentasikake crita asal jeneng desa utawa legendha ing Kecamatan Jogoroto minangka aseting budaya dhaerah ing Indonesia mligine kutha Jombang.
Underaning panliten sajroning panliten iki yaiku : (1) Kepriye mula bukane jeneng-jeneng desa ing Kecamatan Jogoroto Kabupaten Jombang? (2) Kepriye struktur crita asal-usul jeneng desa ing kecamatan Jogoroto kang nduweni unsur Legenda? (3) Apa wae fungsi crita asal-usul jeneng desa ing Kecamatan Jogoroto Kabupaten Jombang? (4) Kepriye nilai budaya kang ana ing sajrone crita asal-usul jeneng desa ing Kecamatan Jogoroto Kabupaten Jombang? lan (5) Kepriye panemune masyarakat tumrap crita asal-usul ing desane ing Kecamatan Jogoroto Kabupaten Jombang?
Tujuwaning panliten iki ana loro yaiku tujuwan umum lan tujuwan khusus. Tujuwan umum kanggo menehi gegambaran asal-usul jeneng desa ing Kecamatan Jogoroto Kabupaten Jombang kang dijupuk saka crita rakyat supaya crita kasebut tetep dieling-eling dening generasi panerus ing wujud lisan uga tinulis. Tujuwan khusus yaiku: (1) Ngandharake mula bukane jeneng-jeneng desa ing Kecamatan Jogoroto Kabupaten Jombang; (2) Ngandharake struktur crita asal-usul jeneng desa ing kecamatan Jogoroto kang nduweni unsur Legenda; (3) Ngandharake fungsi crita asal-usul jeneng desa ing Kecamatan Jogoroto Kabupaten Jombang; (4) Ngandharake nilai budaya sajroning crita asal-usul jeneng desa ing Kecamatan Jogoroto Kabupaten Jombang; lan (5) Ngandharake panemune masyarakat tumrap crita asal-usul jeneng desa ing Kecamatan Jogoroto Kabupaten Jombang
Paedah panliten iki kaperang dadi loro, yaiku paedah teoritis lan paedah praktis. Paedah teoritis ing panliten iki diajab bisa nambahi inventaris budaya babagan crita rakyat kang ana ing satengahe masyarakat utamane masyarakat ing Kecamatan Jogoroto Kabupaten Jombang. Kanthi paedah praktis asil panliten iki yaiku: (1) Panliten iki bisa menehi sumbangan wawasan ngenani sastra lisan kanggo pamaos, utamane mahasiswa bidhang sastra; (2) Bisa digunakake minangka kawruh lan informasi babagan asal-usul jeneng desa ing Kecamatan Jogoroto Kabupaten Jombang; lan (3) Supaya bisa nambah panguri-uri anane kabudayan Jawa ing satengahe globalisasi tumrap generasi nom-noman mligine, lan bebrayan agung umume.
Teori kang digunakake ing kene yaiku nganggo teori kabudayan Koentjaraningrat lan teori sastra lisan pamawase Hutomo. Dene struktur naratif kang digunakake sajrone panliten iki yaiku struktur naratif pamawase Maranda, lan uga nilai budaya miturut pamawase Djamaris.
Panliten iki nggunakake rancangan metode deskriptif kualitatif. Panliten iki nduweni obyek crita rakyat legendha desa ing Kecamatan Jogoroto asiling wawancara saka narasumber kanthi cara kuesioner lan wawancara langsung. Data ing panliten iki dikumpulake kanthi cara teknik wacan, nyathet lan metode kapustakan. Ing babagan tatacara pangolahing data, panliten iki nggunakake pendekatan kualitatif.
Asil panliten iki nuduhake anane aspek perangan fungsi lan uga nilai budaya ing legendha asal-usul desa iki. Fungsi-fungsine legendha asal-usul desa ing kecamatan Jogoroto miturut Hutomo kang ana ing kene yaiku fungsi crita minangka sistem proyeksi lan minangka sarana pendhidhikan tumrap anak. Dene nilai budaya kang ana sajrone legendha asal-usul desa ing kene uga ditemokake adhedhasar nilai kabudayan Djamaris kang diandharake dadi limang perangan yaiku: (1) nilai budaya gegayutan antarane manungsa karo Gustine; (2) nilai budaya gegayutan antarane manungsa karo jagad; (3) nilai budaya gegayutan antarane manungsa karo manungsa liyane utawa minangka makhluk sosial; (4) nilai budaya gegayutane manungsa karo masyarakat; (5) nilai budaya gegayutan antaraneĀ manungsa karo awake dhewe kayata kahanan uripe dhewe.
Panemune warga asil saka wawancara kuesioner ngandharake yen warga isih ana kang nuduhake rasa wigatine. Senajan ana saperangan warga kang rumangsa ora perlu yen sejarah desane perlu dijaga amarga mbuwag wektu lan ora ana kanggone, nanging isih ana saperangan gedhe warga kang menehi respon positip utawa pamawas becik, sarujuk, lan melu njaga eksistensine legendha desane minangka aset budaya lokal lan minangka piwulang kanggo generasi ing dina tembe.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

