LEGENDA DESA ING KECAMATAN DONGKO KABUPATEN TRENGGALEK (Tintingan Folklor)

Authors

  • RINO KARTIKASARI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v2n1.p%25p

Abstract

Abstrak

Kecamatan Dongko minangka salah sawijine kecamatan kang manggon ing Kabupaten Trenggalek. Kecamatan iki nduweni sepuluh desa kang bisa didhudhah kepriye legendha kang ana  amarga sangertine panulis durung ana kang tau nliti babagan iki. Kecamatan iki minangka salah sawijine kecamatan kang kawentar babagan senine. Seththik  ngenani legendha desa ing Kecamatan Dongko, amung  sithik para muda kang mangerteni. Kahanan iki ndadekake salah sijine alesan kanggo panliti nganakake panliten ngenani legendha ing dhaerah Kecamatan Dongko, lan uga upaya kanggo ndhokumentasekake legendha desa utawa legendha ing Kecamatan Dongko minangka aseting budaya dhaerah ing Indonesia mligine kutha Trenggalek.

Underaning panliten sajroning panliten iki yaiku: (1) Kepriye wujud legendha desa desa ing Kecamatan Dongko Kabupaten Trenggalek?; (2) Kepriye teges lan makna legendha desa ing Kecamatan Dongko Kabupaten Trenggalek?; (3) Kepriye fungsi legendha desa desa ing Kecamatan Dongko Kabupaten Trenggalek?; (4) Kepriye nilai budaya kang ana sajroning legendha desa desa ing Kecamatan Dongko Kabupaten Trenggalek?

Adhedhasar underaning panliten ing dhuwur, mula bisa diandharake tujuwaning panliten iki yaiku: (1) Kanggo mangerteni wujud legendha desa desa ing Kecamatan Dongko Kabupaten Trenggalek; (2) Kanggo mangerteni teges lan makna jeneng desa ing Kecamatan Dongko Kabupaten Trenggalek; (3) Kanggo mangerteni fungsi legendha desa desa ing Kecamatan Dongko Kabupaten Trenggalek; (4) Kanggo mangerteni nilai budaya kang ana sajroning legendha desa desa ing Kecamatan Dongko Kabupaten Trenggalek

Paedah panliten iki kanggo nambah khazanah panliten sastra lisan. Saliyane iku, panliten iki dikarepake melu ngrembakakake lan nglestarekake sastra lisan ing Indonesia umume, lan ing Kecamatan Dongko Kabupaten Trenggalek mligine. Panliten iki minangka salah sawijining upaya kanggo nambahi gegambaran ngenani carita asal-usul jeneng desa ing Kecamatan Dongko Kabupaten Trenggalek lan kepriye sejarahe.

Teori semantik ing kene digunakake kanggo mangerteni teges lan makna sajrone wujud carita jeneng desa. Kang kapindho fungsi legendha kang nggunakake panemune Hutomo (1991) kan merang fungsi foklor lisan iku dadi wolu, nanging kang digunakake ing kene among saperangan wae yaiku: (1) Minangka sistem proyeksi, (2) Minangka piranti panggulawentah, (3) Kanggo menehi dalan becik marang masyarajat supaya luwih tinimbang liyan. Dene kang pungkasan yaiku ngenani nilai budaya sajrone legendha desa kang nggunakake panemune Djamaris(1993). Djamaris ngandharake ana limang perangan, nanging kang digunakake among papat yaiku:  (1) nilai budaya gegayutan antarane manungsa karo Gustine; (2) nilai budaya gegayutan antarane manungsa karo jagad; (3) nilai budaya gegayutan antarane manungsa karo manungsa liyane utawa minangka makhluk sosial; (4) nilai budaya gegayutane manungsa karo masyarakat.

Panliten tumrap legendha desa ing Kecamatan Dongko Kabupaten Trenggalek iki asipat deskriptif kualitatif, yaiku panliten iki luwih nengenake asil, yaiku asil sajroning panliten iki arupa teks sajroning kajian wujud, fungsi lan nilai budaya. Data kang dikumpulake ora awujud angka-angka. Panliten iki dilakokake adhedhasar kasunyatan utawa kedadeyan kang ana, utawa kang ana ing kauripane masyarakat saengga kang diasilake arupa teks-teks lisan legendha desa ing Kecamatan Dongko Kabupaten Trenggalek.

Asil panliten iki nuduhake anane aspek wujud, teges, makna,  fungsi, lan uga nilai budaya ing legendha desa iki. Desa-desa kang ana ing Kecamatan Dongko iku nduweni legendha dhewe-dhewe. Teori semantik ing kene dianggep perlu amarga kanggo mangerteni kepriye maksud sajroning jeneng kang ana ing saben desa. Ing kene teori semantik minangka salah sawijining  teori kang digunakake kanggo mangerteni jeneng desa kang ana ing Kecamatan Dongko. Teges iku dhewe yaiku perangan saka sistematikane basa kang tujuwane kanggo nggoleki teges. Ing kenen jeneng desa uga kalebu salah sawijining perangan semantik amarga sajroning jeneng iku dhewe ngandhut maksud, makna, lan teges kang kudu dimangerteni kanthi nggunakake teori semantik. Mula saka iku ing kene teori semantik digunakake kanggo mangerteni dhisik maksud lan makna sajroning jeneng desa iku dhewe.

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2014-01-29

How to Cite

KARTIKASARI, R. (2014). LEGENDA DESA ING KECAMATAN DONGKO KABUPATEN TRENGGALEK (Tintingan Folklor). Jurnal Online Baradha, 2(1). https://doi.org/10.26740/job.v2n1.p%p
Abstract views: 47 , PDF Downloads: 42