PANGREMBAKANE MEDIA ANIMASI GAMBAR ING PASINAON NYEMAK CRITA CEKAK SISWA KELAS VII SMP NEGERI 3 NGANJUK TAUN AJARAN 2012/2013
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v2n2.p%25pAbstract
ABSTRAK
Salah sijine cara kanggo nguwasani uga njaga lestarine basa kasebut yaiku kanthi disinaoni lan digunakake
nalika sesrawungan ing lingkungan kulawarga, masyarakat lan sekolah. Mula saka iku, basa Jawa didadekake mata
pelajaran muatan lokal wajib kanggo sekolah-sekolah ing Jawa Timur. Materi muatan lokal basa Jawa nyakup
patang aspek katrampilan basa yaiku nyemak, micara, maca, lan nulis. Nyemak mujudake salah siji saka katrampilan
basa kang wigati lan kudu diduweni dening para siswa. Siswa kelas VII SMP Negeri 3 Nganjuk minangka objek
panliten, mujudake siswa kang ora seneng karo pasinaon sing monoton, sing ndadekake bosene siswa saengga ora
nduweni greget kanggo sinau basa jawa. Mula saka iku, panulis bakal mbiyantu guru kanthi ngrembakakake media
pasinaon kanthi migunakake media animasi gambar kanggo lelantaraning guru medharake materi pasinaon lan
menehi fasilitas proses pasinaon supaya nggampangake siswa nampa lan mangerteni materi sing diwulangake.
Panliten pangembangan media sadurunge uga ana kang ngembangake media kanggo katrampilan nyemak (Ulfa
Rahmawati, 2008. “Pengembangan Media Flash ing Piwulangan Nyemak Drama Tradhisional Jawa Siswa Kelas
VIII SMP Muhammadiyah 4 Surabaya Taun Ajaran 2011-2012”). Media kang digunakake uga meh padha, bedane
panliten sadurunge nggunakake media audiovisual, dene ing panliten iki nggunakake media animasi gambar
minangka pangembangan saka media audiovisual. Media audiovisual kang dikembangake ing kene yaiku animasi
gambar kang awujud foto.
Rancangan model panliten kang digunakake sajrone pangembangan animasi gambar sajrone materi nyemak
crita cekak yaiku rancangan model pangembangan miturut pamawase Sadiman. Model panliten pangembangan
kasebut ana 7 tahap yaiku idhentifikasi kabutuhan lan karakteristik siswa, ngrumusake tujuwan, ngrumusake butir-
butir materi, ngembangake alat pangukur kanggo asil sinaune siswa, nulis naskah media, nindakake tes lan revisi,
lan produksi. Rancangan panliten pangembangan kasebut nggunakake metode panliten kualitatif kang arupa data
verbal kang dijupuk saka asil observasi. Kanggo asil tes lan angket nggunakake metode kuantitatif kang dianalisis
kanthi rumus-rumus statistik.
Asil saka panliten iki nuduhake kepriye proses pangrembakane media animasi gambar wiwit idhentifikasi
kabutuhane siswa, nganti tumekan media animasi gambar siyap produksi sing dikemas ing sajrone kaset CD. Media
animasi gambar dibiji kanthi nduweni kuwalitas sing kalebu ing kategori apik banget. Dibuktekake saka asil validasi
media dening ahli media kang menehi biji rata-rata 84 kanggo aspek komponen konstruksi perangkat lunak, lan uga
biji rata-rata 84 kanggo aspek komunikasi visual. Saka pambijine validasi materi menehi pambiji kanthi biji rata-rata
86 marang aspek komponen kompetensi, lan biji rata-rata 84 marang aspek pangandharane media.
Efektifitas media animasi gambar sing dimangerteni saka asil pangamatan aktivitas guru lan aktivitas siswa, respon
siswa, lan dijangkepi karo asil tes sinau siswa nggunakake media animasi gambar. Saka pangamatan aktivitas guru
nuduhake biji rata-rata kang apik banget kanthi persentase rata-rata 84%, lan pangamatan aktivitas siswa uga
nuduhake biji apik banget kanthi persentase rata-rata 80,6. Pambiji saka siswa uga diolehake saka asil angket respon
siswa kang njangkepi kompetensi, kanthi skor rata-rata 2,63. Ing pasinaon nggunakake media animasi gambar 1 biji
rata-ratane siswa kelas VIIA yaiku 76,21, biji kasebut kalebu kriteria apik. Ing kelas VIID nalika nggunakake media
animasi gambar 1 ngolehake biji rata-rata 72,03 uga kalebu ing kriteria apik. Ing panganggone media animasi
gambar 2, ing kelas VIIA ngolehake biji rata-rata kelas 78,7 kriteriane apik, lan ing kelas VIID ngolehake biji rata-
rata 80,07. Saka iku nuduhake menawa biji rata-ratane siswa saya apik lan saya mundhak nalika nggunakake media
animasi gambar.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section
Abstract views: 42
,
PDF Downloads: 70











