WUJUD, GUNA, LAN KALUNGGUHANE RIMBAG BAWA-MA
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v2n2.p%25pAbstract
ABSTRAK
Asil panliten ngenani rimbag bawa-ma isih akeh regejegan antarane andharane pamarsudi basa Jawa. Bab sing dadi regejegan ing antarane, yaiku sing dadi wuwuhane rimbag bawa-ma, wujude rimbag bawa-ma, lan sing bisa dadi linggane rimbag bawa-ma. Asil panliten kapungkur kasebut narik kawigatene panliti kanggo nliti rimbag bawa-ma kanthi luwih cetha lan jero nggunakake teori sing beda karo panliten sadurunge.
Undere panliten iki yaiku (1) apa wae wujude rimbag bawa –ma, (2) apa wae jinis guna sing bisa diisi rimbag bawa-ma, lan (3) apa wae jinis kalungguhan sing bisa dinggoni rimbag bawa-ma. Adhedhasar undere panliten iki, mula ditemtokake tujuwan panliten iki, yaiku (1) njlentrehake wujude rimbag bawa-ma, (2) njlentrehake jinis guna sing bisa diisi rimbag bawa-ma, lan (3) njlentrehake jinis kalungguhan sing bisa dinggoni rimbag bawa-ma.
Landhesan teori kang digunakake sajrone panliten iki, yaiku teori transformasi generatif. Teori transformasi generatif dumadi dadi rong perangan utama, yaiku asumsine lan cara kerjane teori transformatif generatif. Cara kerjane teori transformasi generatif iki diperang dadi 3 adhedhasar triaspek sintaktis, yaiku wujud (katagori), guna (fungsi), lan kalungguhan (peran).
Panliten ngenani wujud, guna, lan kalungguhan rimbag bawa-ma iki kalebu jinis panliten linguistik sinkronis, yaiku nliti basa Jawa sing digunakake ing jaman saiki. Panliten iki asipat dheskriptif utawa njlentrehake dhata, dhatane yaiku ukara sing nggunakake rimbag bawa-ma. Sumber dhatane yaiku wacan ing kalawarti utawa buku sing ngemot karya sastra ing jaman saiki lan panliti minangka panutur asli basa Jawa. Dhata utama ing panliten iki yaiku ukara sing nggunakake rimbag bawa-ma ing kalawarti lan buku. Dhata panyengkuyunge yaiku ukara sing digawe panliti minangka panutur basa Jawa ing jaman saiki. Dhata iki banjur dikumpulake nggunakake metodhe nyemak banjur ditulis ing kartu dhata. Dhata sing wis dikumpulake, banjur dijlentrehake nggunakake cara kerjane teori transformasi generatif adhedhasar triaspek sintaktis. Njlentrehake triaspek sintaktise rimbag bawa-ma iki nggunakake metodhe agih utawa distribusional. Banjur asile njlentrehake dhata disuguhake nggunakake metodhe formal
Rimbag bawa-ma kasil diperang wujude dadi 16, yaiku (1) {{BTSw} + {-um-}}, (2) {{{TA} + {sing} + {{BTSw} + {-um-}}}, (3) {{BTSg} + {-um-}}, (4) {{{TA} + {sing} + {{BTSg} + {-um-}}}, (5) {{BTlr} + {-um-}}, (6) {{TA} + {-um-}}, (7) {{TA} + {sing} + {{TA} + {-um-}}}, (8) {{TK} + {-um-}}, (9) {{TK} + {-um-}} + {ing} + {TA}}, (10) {{TKh} + {-um-}}, (11) {{TKt} + {-um-}}, (12) {{{TAc} + {-um-}} + {TA}}, (13) {{tembung mawa -e} + {-um-}}, (14) {{{tembung mawa -e} + {-um-}} + {TA}, (15) {{tembung mawa -a} + {-um-}, lan (16) {{tembung rangkep} + {-um-}}. Jinis guna lan kalungguhan sing bisa diisi lan dinggoni rimbag bawa-ma ana 8, yaiku (1) wasesa-kahanan, (2) jejer-panandhang, (3) jejer-faktor, (4) pangganep-asil, (5) pangganep-piranti, (6) pangganep-tujuwan, (7) lesan-tujuwan, lan (8) katrangan-cara. Asil jlentrehan ngenani guna lan kalungguhane rimbag bawa-ma kasebut ngasilake jinise rimbag bawa-ma adhedhasar guna lan kalungguhane.
Regejegane para pamarsudi basa ngenani rimbag bawa-ma sing bisa didudut, yaiku wuwuhane, jinis linggane, lan asile ngrimbag bawa-ma. Wuwuhane rimbag bawa-ma ana loro, yaiku {-um-} lan {ma-}. Wuwuhan {-um-} nandhang owah-owahan dadi {um-} yen linggane {BTSw}. Wuwuhan {-um-} uga bisa lira-liru karo wuwuhan {ma-} yen diwuwuhake ing {BTlr}. Anane owah-owahan {-um-} dadi {um-} lan pangenggone sing bisa lira-liru karo wuwuhan {ma-}, amarga anane metathesis. Linggane sing maujud tembung lingga, yaiku {BT}, {TA}, {TKh}, {TK}, lan {TPg}. Linggane sing awujud tembung andhahan, yaiku {tembung mawa -e}, {tembung mawa -a}, lan {tembung rangkep}. Dene asile ngrimbag bawa-ma yaiku awujud {TK}, {GA}, lan {GK}.
Tembung wigati: rimbag, bawa-ma, triaspek sintaktis
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

