MAKSUD, MAKNA, LAN TEGESE GUGON TUHON NGENANI WONG MBOBOT ING DESA PURWOREJO, KECAMATAN NGUNUT, KABUPATEN TULUNGAGUNG

Authors

  • AMBAR PRISTIANA

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v2n2.p%25p

Abstract

 

 

ABSTRAK

 

MAKSUD, MAKNA, LAN TEGESE GUGON TUHON

NGENANI WONG MBOBOT ING DESA PURWOREJO,

KECAMATAN NGUNUT, KABUPATEN TULUNGAGUNG

 

Nama                        : Ambar Pristiana

NIM                         : 09020114026

Prodi/ Jur.                 : S-1/ Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah

Fakultas                    : Bahasa dan Seni

Lembaga                   : Universitas Negeri Surabaya

Pembimbing               : Drs. Sugeng Adipitoyo, M.Si

Tahun                        : 2014

 

Tembung-tembung wigati: maksud, makna, teges, gugon tuhon ngenani wong mbobot  

Maksud, makna, lan teges ana sajrone gugon tuhon. Unen-unen gugon tuhon kang ana sajrone bebrayan Jawa ngemu kedadeyan sing wigati lan kudu diandharake marang wong liya. Gugon tuhon salah siji sing digunakake kanggo nggambarake pengalamane wong. Salah siji jinise unen-unen gugon tuhon yaiku unen-unen gugon tuhon ngenani wong mbobot. Gugon tuhon ngenani wong mbobot nduweni maksud, makna, lan teges senajan kasunyatane ora saben wong ngerti apa sing dadi maksud, makna, lan tegese.

Adhedhasar jlentrehan  ing ndhuwur, punjere panliten bisa diperang dadi telu yaiku: (1) Apa maksud kang ana sajrone gugon tuhon ngenani wong mbobot ing Desa Purworejo, Kecamatan Ngunut, Kabupaten Tulungagung? (2) apa makna kang ana sajrone gugon tuhon ngenani wong mbobot ing Desa Purworejo, Kecamatan Ngunut, Kabupaten Tulungagung? (3) apa teges kang ana sajrone gugon tuhon ngenani wong mbobot ing desa Desa Purworejo, Kecamatan Ngunut, Kabupaten Tulungagung? Adhedhasar prakara kasebut panliten ngenani maksud, makna lan teges nduweni tujuwan kanggo; (1) ngandharake lan njlenrehake  maksud, makna, lan tegese gugon tuhon ngenani wong mbobot ing Desa Purworejo, Kecamatan Ngunut, Kabupaten Tulungagung. Paedah teoretik asile panliten iki bisa migunani kanggo pangrembakane ilmu semantik mligine satuwan semantik ngenani maksud, makna, lan teges sing wis ana. Paedah praktis panliten ngenani maksud, makna, lan teges supaya bisa wenehi paedah kanggo panliti supaya luwih cetha anggone ngerteni makna sing satemene sajrone gugon tuhon ngenani wong mbobot lan nggampangake wong liya kanggo ngerteni maksud, makna, lan teges gugon tuhon ngenani wong mbobot. Teori sing digunakake kanggo njlentrehake lan ngandharake maksud, makna, lan teges ngguanakake teori semantik generatif.

Panliten ngenani maksud, makna, lan tegese gugon tuhon ngenani wong mbobot sajroning masyarakat Jawa ing Desa Purworejo, Kecamatan Ngunut, Kabupaten Tulungagung nggunakake panliten dheskriptif analitis lan nduweni sipat sinkronis. Tata carane nglumpukake dhata nggunakake metodhe  semak kanthi nggunakake teknik lanjutan teknik sadhap, teknik mawa wicara, teknik tanpa wicara, teknik cathet,. Metodhe micara utawa cakap kanthi teknik lanjutan sing digunakake sajrone panliten iki nggunakake teknik cakap semuka, teknik cakap tansemuka, lan teknik cathat. Tata carane nganalisis maksud, makna, lan tegese gugon tuhon ngenani wong mbobot ing Desa Purworejo, Kecamatan Ngunut, Kabupaten Tulungagung nggunakake metodhe observasi lan teknik observasi sarta metodhe semak lan teknik nyathet kanthi cara nganalisis wujude gugon tuhon adhedhasar titikane yaiku nggunakake tembung ‘aja’, ‘ora ilok’, ‘pamali’, ‘aja...mundhak’, ‘becike’, ‘apike’, ‘kudune’, lsp.

Asile andharan lan jlentrehan nuduhake maksud adhedhasar anggone medharake kanthi blaka lan samudana, makna sajorne gugon tuhon ngenani wong mbobot nuduhake makna gramatikal wantah lan makna gramatika entar. Teges kang ana sajrone gugon tuhon ngenani wong mbobot yaiku teges kang binabar lan teges kang sinandhi.

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2014-05-12

How to Cite

PRISTIANA, A. (2014). MAKSUD, MAKNA, LAN TEGESE GUGON TUHON NGENANI WONG MBOBOT ING DESA PURWOREJO, KECAMATAN NGUNUT, KABUPATEN TULUNGAGUNG. Jurnal Online Baradha, 2(2). https://doi.org/10.26740/job.v2n2.p%p
Abstract views: 339 , PDF Downloads: 96