TINDAK TUTUR ATUR PANUWUN ING DESA DERMOSARI, KECAMATAN TUGU, KABUPATEN TRENGGALEK
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v2n2.p%25pAbstract
Danang Wijoyanto, Drs. Sugeng Adipitoyo, M.Si
Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)
Fakultas Bahasa dan Seni
Universitas Negeri Surabaya
danangwijoyanto@gmail.com
Abstrak
Tindak tutur atur panuwun kalebu tindak tutur ekspresif sing isih digunakake lan kerep diprangguli ing bebrayan. Tindak tutur atur panuwun ditindakake dening panutur kanggo ngurmati mitratutur sawise nampa kabecikan. Dene jinis TTAP adhedhasar lageyane panutur lan pananggape mitratutur durung tau ditliti. Rong dhasar kuwi nduweni sesambungan karo sumber, struktur sosial, relasi sosial, norma sosial lan kahanan sosial.
Punjere panliten iki yaiku ngenani apa wae jinis TTAP adhedhasar lageyane panutur lan pananggepe mitratutur ing masyarakat Desa Dermosari, Kecamatan Tugu, Kabupaten Trenggalek. Adhedhasar punjere panliten, ancas panliten iki ngandharake lan njlentrehake jinis TTAP adhedhasar lageyane panutur lan pananggepe mitratutur ing masyarakat Desa Dermosari, Kecamatan Tugu, Kabupaten Trenggalek. Paedah teoritis panliten iki yaiku kanggo nyengkuyung ilmu pragmatik lan menehi sumbangsih tumrap ilmu sintaksis ngenani ukara atur panuwun. Paedah praktis kanggo ngrembakake materi ajar basa Jawa ing sekolahan mligine tatacara atur panuwun kang pener lan bener.
Panliten tindak tutur atur panuwun iki dilebokake jinis etnografi awit ngrembug basa kang disambungake karo konteks sosial. Panliten iki asipat dialektif, deskriptif, lan sinkronis. Teori sing digunakake yaiku teori tindak tutur Brown lan Levinson. Dhata panliten iki dijupuk dening panliti ing lapangan. Sumber dhatane asale saka cathetan lan rekaman warga Desa Dermosari, Kecamatan Tugu, Kabupaten Trenggalek. Tatacara nglumpukake dhata kanthi metodhe semak lan wicara. Tatacarane njlentrehake dhata kanthi metodhe kategoris, teks lan konteks. Dene tatacara nyuguhake jlentrehan dhata kanthi deskriptif lan informal.
Jinis TTAP adhedhasar lageyane panutur diperang dadi nembelas yaiku (1) blaka langsung karana solah bawa mawa panjaluk,(2) blaka ora langsung karana solah bawa mawa panjaluk, (3) blaka langsung karana solah bawa tanpa panjaluk, (4) blaka ora langsung karana solah bawa tanpa panjaluk, (5) ora blaka langsung karana solah bawa mawa panjaluk, (6) ora blaka ora langsung karana solah bawa mawa panjaluk, (7) ora blaka langsung karana solah bawa tanpa panjaluk, (8) ora blaka ora langsung karana solah bawa tanpa panjaluk, (9) blaka langsung karana pocapan mawa panjaluk, (10) blaka ora langsung karana pocapan mawa panjaluk, (11) blaka langsung karana pocapan tanpa panjaluk, (12) blaka ora langsung karana pocapan tanpa panjaluk, (13) ora blaka langsung karana pocapan mawa panjaluk, (14) ora blaka ora langsung karana pocapan mawa panjaluk, (15) ora blaka langsung karana pocapan tanpa panjaluk, lan (16) ora blaka ora langsung karana pocapan tanpa panjaluk. Dene jinise TTAP adhedhasar pananggape mitratutur ana telu yaiku (1) katampa, (2) ora katampa nanging ora katampik lan (3) katampik.
Tembung Wigati: tindak tutur atur panuwun, lageyane panutur, pananggape mitratutur lan konteks sosial.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

