KAWRUH KASAMPURNANING NGAURIP SAJRONING NASKAH NGILMU KASIDAN (Tintingan Stilistika)

Authors

  • WAHYU PANCA OKTA H

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v2n2.p%25p

Abstract

 

 

Abstrak

Sesorah minangka salah sawijining seni sajroning nindakake tuturan. Lelandhesane pamawas kasebut, yaiku sajroning sesorah tinemu sawijining esensi kaendahan lumantar wewujudan tata rakiting tembung-tembunge lan tata carane sajroning nindakake. Teks-teks utawa naskah sesorah akeh jinise lan bisa tinemu ing papan-papan tartamtu sajroning bebrayan agung iki. Salah sijine naskah sesorah kang dadi objeke panliti, yaiku Naskah Ngilmu Kasidan. Reriptan sastra kasebut pinilih dening panliti dadi objeke panliten iki kanthi saperangan kaluwihan. Naskah Ngilmu Kasidan diripta dening Ng. Hadi Wiyata ing taun 1936. Manut katrangan ing samak, Naskah Ngilmu Kasidan diwetokake dening  Electrische Drukkerij lan Boekhandel A.B. Sitti Sjamsijah ing kutha Solo kanthi kandel 123 kaca. Saliyane dicetak kanthi wujud buku, uga tau disiyarake dening radio Zender Radio Solo. Naskah Ngilmu Kasidan wujude iku minangka naskah sesorah kang ngandhut kawruh ngenani ngelmu kasidan sajroning agama Islam.

Underan sajroning panliten iki kaya mangkene. (1) Kepriye wujud pamilihing tembung sajroning Naskah Ngilmu Kasidan. (2) Kepriye wujud lelawaning basa sajroning Naskah Ngilmu Kasidan. (3) Kepriye wewujudaning struktur sesorah sajroning Naskah Ngilmu Kasidan. (4) Kepriye kawruh kasampurnaning ngaurip sajroning Naskah Ngilmu Kasidan.

Panliten kang ditindakake kanthi objek Naskah Ngilmu Kasidan iki asipat kualitatif lan nggunakake pamarekan stilistika. Metode kang digunakake sajroning pangumpulan data, yaiku dokumentasi. Metode analisis data, yaiku heuristik lan hermeneutik minangka cara pamacane reriptan sastra. Teori kang kawawas trep kanggo nindakake panliten iki yaiku struktur reriptan sastra kang dijumbuhake karo wujude sesorah. Datane panliten iki awujud pethikan-pethikan ukara lan perangan tembang macapat uga pustaka.

Panliten iki nuduhake asil yen Naskah Ngilmu Kasidan iku kedadeyan saka sepuluh perangan kang ngemot kawruh kasampurnaning ngaurip. Pamilihing tembung kang digunakake sajroning Naskah Ngilmu Kasidan iku maneka warna, kayata manut ngelmu basa tinemu tembung aran, tembung kriya, tembung watak (kahanan), lan tembung sesulih, dene miturut kasusastran tinemu tembung entar, tembung saroja, lan tembung garba. Sakabehing pamilihing tembung mau gegayutan karo kawruh kasampurnaning ngaurip. Lelewaning basa kang tinemu sajroning Naskah Ngilmu Kasidan, kayata bebasan, pepindhan, paribasan, sanepa, lan basa tembang. Saperangan gedhe peranganing Naskah Ngilmu Kasidan iku nggunakake struktur sesorah kanthi jangkep, nanging ana saperangan perangan kang ora nggunakake struktur sesorah kanthi jangkep, yaiku perangan eka makandheh. Kawruh kasampurnan sajroning Naskah Ngilmu Kasidan iku dibedakake dadi rong jinis, yaiku kawruh kasampurnan nalika manungsa isih urip lan kawruh kasampurnan sawise manungsa mati. Kawruh kasampurnan nalika manungsa isih urip iku dumadi saka, (1) pamawase manungsa tumrap pati; (2) pacoban kang dadi pangrencananing urip; (3) carane luwar saka coba pangrencana; (4) lelaraning ati; (5) kahanane pungkasaning uripe manungsa; (6) lelandhesan hukum sajroning agama Islam; lan (7) piwulang werna-werna. Kawruh kasampurnan sawise manungsa mati, kayata (1) bedane matining manungsa lan sato kewan; (2) lelakoning manungsa sawise mati; (3) kahanane dina bangas; (4) jinising dina kiyamat; (5) kahanane dina wawales utawa hisab; lan (6) jinising wewalesing pangeran marang manungsa.

Tembung-tembung baku: Naskah Ngilmu Kasidan. pamilihing tembung, lelewaning basa, struktur sesorah, lan kawruh kasampurnan.

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2014-05-12

How to Cite

PANCA OKTA H, W. (2014). KAWRUH KASAMPURNANING NGAURIP SAJRONING NASKAH NGILMU KASIDAN (Tintingan Stilistika). Jurnal Online Baradha, 2(2). https://doi.org/10.26740/job.v2n2.p%p
Abstract views: 199 , PDF Downloads: 109