TINDAK TUTUR PAMIT ING PASRAWUNGAN MASYARAKAT DESA MACANBANG, KECAMATAN GONDANG, KABUPATEN TULUNGAGUNG

  • RISKA RAHMI S

Abstract

Abstrak

Pamit minangka salah sawijine tindak tutur sing kerep diomongake tumrap sapa wae, ora ndeleng wong tuwa utawa enom, wong dhuwur pangkate utawa cendhek pangkate. Panliti milih tindak tutur pamit amarga pamit iku kerep lan mesti ditindakake dening sapa wae lan ing ngendi wae. Jinise tindak tutur pamit akeh banget saengga perlu ditliti lan dingerteni kepriye tindak tutur pamit iku dhewe lumaku ing masyarakat Desa Macanbang, Kecamatan Gondang, Kabupaten Tulungagung.

Panliten iki ngenani (1) Apa wae wujude tindak tutur pamit ing pasrawungan masyarakat Desa Macanbang, Kecamatan Gondang, Kabupaten Tulungagung adhedhasar cara medharake? (2) Apa wae wujude tindak tutur pamit ing pasrawungan masyarakat Desa Macanbang, Kecamatan Gondang, Kabupaten Tulungagung adhedhasar pananggape mitratutur?. Tujuwan panliten yaiku ngandharake lan njlentrehake tindak tutur pamit ing pasrawungan masyarakat Desa Macanbang, Kecamatan Gondang, Kabupaten Tulungagung adhedhasar cara medharake lan pananggepe mitratutur.

Panliten tindak tutur pamit sajrone masyarakat asipat deskriptif. Sumber dhata sajrone panliten iki yaiku langsung saka rekamane panliti lan saka cathetan-cathetan ngenani tindak tutur pamit ing pasrawungan masyarakat Desa Macanbang, Kecamatan Gondang Tulungagung. Dhata sajrone panliten iki yaiku ukara-ukara kang diwedharake dening penutur lan mitratutur. Sajrone panliten iki nggunakake tatacara nglumpukake dhata kanthi metodhe simak lan metodhe cakap. Sakabehe dhata ing panliten iki minangka wujude tindak tutur pamit. Dhata-dhata kasebut dijlentrehake kanthi metodhe formal yaiku ngandharake kanthi nggunakake tandha-tandha lan lambang.

Asil panliten kaperang dadi loro yaiku adhedasar cara medharake lan pananggape mitratutur. Adhedhasar cara medharake kaperang dadi papat yaiku blaka langsung, blaka ora langsung, samudana langsung, lan samudana ora langsung. Adhedhasar pananggape mitratutur kaperang dadi papat yaiku ditampa sarana basa, ditampa sarana tumindak, ditampik sarana basa lan ditampik sarana tumindak.

Published
2014-07-24
How to Cite
RAHMI S, R. (2014). TINDAK TUTUR PAMIT ING PASRAWUNGAN MASYARAKAT DESA MACANBANG, KECAMATAN GONDANG, KABUPATEN TULUNGAGUNG. JOB (Jurnal Online Baradha), 2(3). https://doi.org/10.26740/job.v2n3.p%p
Abstract Views: 35
PDF Downloads: 33