PAMAWASE PAMACA TUMRAP NOVEL PIWELINGE PURANTI ANGGITANE TIWIEK SA

  • SISWOYO

Abstract

Abstrak


Novel Piwelinge Puranti mujudake novel basa Jawa kang dianggit dening pangripta senior kang saiki minangka punggawane sanggar Triwidha. Panyebutane novel Piwelinge Puranti sabanjure kanthi novel PP. Kanthi anane novel iki bisa nambahi kasugihane kasusastran Nusantara utamane kasusastran Jawa. Kasusastran arupa novel iki ora mung tulisan tanpa aji, nanging ngandhut pitutur becik. Sajrone ngripta karya sastra pancen oleh daya pangaribawa saka imajenasine pangripta nanging biasane uga ana ing kanyatan. Kanthi mangkono karya sastra iki ora mung asifat imajiner.

Kanggo ngerteni sakabehe andharan mau bakal ngonceki pamawase pamaca tumrap novel PP. Tujuwane bisa diweruhi pamawas saka akeh pamaca. Pamawase pamaca kang dionceki saka telung kalungguhan pamaca. Sepisan pamaca kreatif (sastrawan) cacahe rong puluh. Kapindho pamaca kritis (mahasiswa sastra) cacahe rong puluh. Kaping telune pamaca biyasa (awam) cacahe ana sepuluh.

Gayut karo andharan mau, underane panliten yaiku: (1) Kepriye wujude crita novel PP kang narik kawigaten?, (2) Kepriye panampane pamaca ngenani isine novel PP miturut daya Intelektuale?, (3) Kepriye panampane pamaca ngenani isine novel daya miturut Emosionale?, (4) Bab apa kang narik kawigatene pamaca tumrap crita novel PP?.

Adhedhasar underane panliten mau diweruhi yen novel PP iki nduweni tema jejodhowan. Alur kang digunakake alur campuran. Paraga utamane crita iki yaiku Sujiman lan Puranti. Basa kang digunakake prasaja. Pamaca kreatif nganggep yen temane apik, basa apik, dene alure uga apik. Critane nuwuhake Afeksi, saliyane iku critane ora nuwuhake rekreasi. Pamaca kreatif uga nganggep yen wujude novel apik, isine nengsemake, uga nggawe penasaran. Tumindake Puranti iku tumindak apik dene tumindake Sujiman iku kalebu ala, pamaca ing kene ngrasa trenyuh.  Critane novel PP iki uga dianggep apik,judhule apik, dene konflike apik, yen pungkasane uga apik. Pamaca iki nganggep kang narik kawigaten yaiku konflike.

Pamaca kritis nganggep tema novel PP iki apik banget, basane apik, alure sedhengan. Critane nuwuhake afeksi, lan lumayan nuwuhake rekreasi. Wujude novel PP iki apik, isine nengsemake lan bisa nggawe penasaran. Tumindake Puranti, tumindak apik, dene tumindake Sujiman ala, pamaca ngrasa trenyuh. Critane apik, judhule apik, dene konflike apik banget. Pungkasane crita uga apik. Pamaca nganggep kang narik kawigaten yaiku konflike crita.

Pamaca biyasa nganggep temane sedhengan nganti apik, basane apik,  alure uga apik. Isine nuwuhake afeksi lan lumayan nuwuhake rekreasi. Pamaca iki nganggep wujude apik. Isi nengsemake lan nggawe penasaran. Tumindake Puranti, tumindak apik, dene tumindake Sujiman tumindak ala. Bab kasebut nggawe trenyuhe. Critane dianggep apik, judhule apik, konflike sedhengan nganti apik lan pungkasane crita kalebu sedhengan nganti apik. Bab kang narik kawigaten konflike.

 

Tembung wigati: Resepsi Sastra, Refleksi, Rekreasi, Impresi, Reaksi 

Published
2014-08-13
How to Cite
SISWOYO,. (2014). PAMAWASE PAMACA TUMRAP NOVEL PIWELINGE PURANTI ANGGITANE TIWIEK SA. JOB (Jurnal Online Baradha), 2(3). https://doi.org/10.26740/job.v2n3.p%p
Abstract Views: 161
PDF Downloads: 19