WANITA LANYAH SAJRONE CERBUNG MECAKI LURUNG KANG ILANG ANGGITANE ISMOE RIANTO TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA

  • APRIANI ADINING BUDI

Abstract

Abstrak

 

Wanita lanyah minangka wanita kang penggaweyane masrahne utawa ngedol awake marang priya sapa wae banjur nglakoni tumindak nistha kanggo golek panguripan. Pelanyahan dhewe iku minangka fenomena sosial kang tuwuh saben jaman lan kahanane manungsa. Wanita kang nyambut gawe ing donyane pelanyahan nuwuhake prekara-prekara kang ana ing bebrayan. Wanita lanyah kerep didadekake objek kanggo ngripta karya sastra dening pangripta.

Pangripta kang ngripta salah sawijining karya sastra kanthi objek wanita lanyah kasebut kadhang kala ngaca saka akehe prekara-prekara sosial sajrone panguripane manungsa. Anane pelanyahan ora gampang kanggo dipungkasi utawa diilangne. Jagading pelanyahan paling ora bisa ngonceki prekara-prekarane manungsa sing dadi wanita lanyah sarta uga bisa ndadekake kacabenggala saben masyarakat. Panliten iki uga bakal njlentrehake wanita lanyah sajrone cerbung Mecaki Lurung Kang Ilang anggitane Ismoe Rianto kanthi nggunakake tintingan sosiologi sastra.

Underane panliten iki yaiku (1) kepriye gegambarane crita ngenani jagading pelanyahan sajrone cerbung Mecaki Lurung Kang ILang; (2) kepriye aspek-aspek sosiologis ing jagading pelanyahan sajrone cerbung Mecaki Lurung Kang ILang; (3) kepriye aktualitase ing jagading pelanyahan sajrone cerbung Mecaki Lurung Kang Ilang yen digayutake karo kanyatan ing bebrayan. Selaras karo undere paliten dingerteni tujuwan saka panliten iki yaiku (1) ngandharake crita ngenani jagading pelanyahan; (2) ngandharake aspek-aspek sosiologis ing jagading pelanyahan; sarta (3) njlentrehake gegayutane aktualitas ing jagading pelanyahan sajrone cerbung Mecaki Lurung Kang Ilang karo kanyatan ing bebrayan. Paedahe panliten yaiku ngrembakake panliten sastra mligine sastra Jawa modern, bisa nambahi kawruh tumrap pamaca lan bisa didadekake bahan rujukan dening panliti sabanjure.

Metodhe sing digunakake sajrone panliten yaiku metodhe deskriptif kualitatif. Sumber dhatane panliten arupa cerbung Mecaki Lurung Kang Ilang lan koran-koran. Dhatane panliten yaiku frase, tembung lan ukara sajrone cerbung Mecaki Lurung Kang Ilang. Olehe nglumpukake dhata kasebut digunakake teknik kapustakan. Kanggo ngandharake lan njlentrehake dhata digunakake metodhe deskriptif analisis kanthi tintingan sosiologi sastra.

Asile panliten iki bisa diperang dadi telu adhedhasar underane panliten. Sepisan, crita ngenani jagading pelanyahan kasebut bisa diperang kanthi pendekatan struktural kang mbiyantu ngonceki gegambarane wanita lanyah kang ditintingi karo tintingan sosiologi sastra iku bisa diperang dadi loro, yaiku (1) pamaragan; (2) alur. Aspek-aspek sosiologis ing jagading pelanyahan sajrone cerbung kasebut ana telu yaiku (1) pawadan wanita nglanyah; (2) kahanane wanita lanyah; (3) pungkasane wanita lanyah. Gegayutane aktualitas ing jagading pelanyahan sajrone cerbung karo kanyatan ing bebrayan ana loro (1) pawadane wanita nglanyah sajrone cerbung lan ing bebrayan; (2) pungkasane wanita lanyah sajrone cerbung lan ing bebrayan.

Tembung wigati: crita jagading pelanyahan, aspek sosiologis pelanyahan, aktualitas pelanyahan

Published
2014-08-13
How to Cite
ADINING BUDI, A. (2014). WANITA LANYAH SAJRONE CERBUNG MECAKI LURUNG KANG ILANG ANGGITANE ISMOE RIANTO TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA. JOB (Jurnal Online Baradha), 2(3). https://doi.org/10.26740/job.v2n3.p%p
Abstract Views: 23
PDF Downloads: 25