KEPEMIMPINAN ING LAKON RAMA TAMBAK (TINTINGAN STRUKTURAL)

  • IRMA FITRIANA

Abstract

Abstrak

Kepemimpinan minangka perangan sing paling penting kanggo mujudake peradabane bangsa supaya bisa luwih maju. Syarat baku mujudake kepemimpinan sing becik kanthi cara weruh lan mangerteni etika kepemimpinan.

Underan panliten iki ngenani kepriye wujud kepemimpinan kang kinandhut ing lakon Rama Tambak kanthi tintingan struktural. Adhedhasar underan panliten kasebut, ancasing panliten yaiku mangerteni aspek struktural ing lakon Rama Tambak, lan mangerteni kepemimpinan kang kinandhut ing lakon Rama Tambak. Paedah teoritis sing kepengin digayuh yaiku asil panliten bisa weneh sumbangsih tumrap pangrembakane studi struktural mligine ing carita pewayangan.

Panliten iki minangka panliten kualitatif kang asipat deksriptif. Asil transkripsi saka video pagelaran wayang kanthi lakon Rama Tambak dadi sumber data. Pethikan sajrone lakon minangka data sing dianalisis. Anggone ngumpulake data nganggo teknik dokumentasi simak, lan cathet. Tahap analisis kanthi tatacara : milah data, kodifikasi lan penafsiran.

Asil panliten nuduhake (1) aspek struktural kang ana yaiku tema, plot, pamaragan, latar, lan amanat. (2) etika kepemimpinan kang kinandhut ing lakon yaiku asthabrata lan berbudi bawalaksana. Etika asthabrata ing antarane yaiku awatak bumi (ora gampang kena provokasi lan andhap asor), awatak srengenge (bisa dadi panutan lan seneng paring motivasi), awatak bulan (bersahabat marang sapa wae), awatak lintang (nduweni gegayuhan sing luhur), awatak langit (ngayomi), awatak angin (tliti, ngati-ati, lan weruh kahanan satemene), awatak samodra (jembar atine lan gelem nrima maneka pamrayoga), lan awatak geni (adil lan tegas). (3) Konsep kepemimpinan memayu hayuning bawana ing lakon iki diwujudake kanthi cara (a) mujudake kamakmuran panguripane kawula, lan (b) ngreksa kesejajaran alam. Konsep manunggaling kawula gusti diwujudake kanthi cara (a) gotong royong, lan (b) pirembugan.

 

Kata Kunci: kepemimpinan, lakon Rama Tambak.

Published
2014-08-13
How to Cite
FITRIANA, I. (2014). KEPEMIMPINAN ING LAKON RAMA TAMBAK (TINTINGAN STRUKTURAL). JOB (Jurnal Online Baradha), 2(3). https://doi.org/10.26740/job.v2n3.p%p
Abstract Views: 76
PDF Downloads: 106