DISKRIMINASI TUMRAP WANITA SAJRONE NOVEL SUMINAR ANGGITANE TIWIEK SA

  • TYA RESTA FITRIANA

Abstract

ABSTRAK

 

Novel Suminar iki nggambarake ngenani panguripane wanita ing kulawarga Jawa kang kaprabawan patriarki. Sistem budaya patriarki kang luwih nengenake dominansine priya ing sawernane aspek panguripan, mligine bebrayan minangka kalodhangan nuwuhake diskriminasi. Tumindak diskriminasi kang kagambar sajrone novel Suminar iki arupa tumindak deksiya utawa kekerasan. Panliten iki nggunakake tintingan feminisme kang mujudake panliten kualitatif deskriptif. Metode deskriptif digunakake kanggo ngrembug uga ngandharake gegambarane tumindak diskriminasi sajrone novel Suminar anggitane Tiwiek SA. Analisis dhata kang digunakake ing panliten iki yaiku deskriptif analitik. Teori kang digunakake kanggo nganalisis data yaiku teori feminisme woman as reader kang ngandharake citra lan stereotif utawa pandhangan negatif tumprap wanita sajrone sastra.

Asile panliten iki nuduhake lan nggambarake manawa wanita asring kena tumindak diskriminasi. Paraga wanita sajrone novel Suminar katilik saka perane ing masyarakat nggambarake peran minangka wanita tradhisional. Wanita kang nduweni peran tradhisional nduweni potensi kang gedhe nandang tumindak diskriminasi tinimbang wanita kang nduweni peran minangka wanita mandhiri. Wujude tumindak diskriminasi sajrone panliten iki yaiku kekerasan psikis lan penelantaran. Kekesan psikis arupa tradhisi jejodhoan kang weneh wewatean tumprap wanita milih calon jodhone uga arupa omongan kasar lan pungkasane penelantaran. Dene tumindake wanita kanggo mungkasi tumindak diskriminasi sajrone novel iki yaiku sing sepisan makarya lan kaping pindhone ningkatake intelektualitase.

Tembung Wigati : feminisme, diskriminasi, tumindak deksiya lan wanita

Published
2014-08-13
How to Cite
RESTA FITRIANA, T. (2014). DISKRIMINASI TUMRAP WANITA SAJRONE NOVEL SUMINAR ANGGITANE TIWIEK SA. JOB (Jurnal Online Baradha), 2(3). https://doi.org/10.26740/job.v2n3.p%p
Abstract Views: 53
PDF Downloads: 57