UPAYA NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS UKARA NGGUNAKAKE BASA RINENGGA KANTHI MEDIA DOLANAN ULAR TANGGA SISWA KELAS VIII SMP NEGERI 2 CERME TAUN AJAR 2013-2014

  • RENNY KARTIKA W.

Abstract

Abstrak

Salah sawijine upaya kanggo mujudake pendhidhikan berkualitas yaiku kudu ana guru kang berkualitas. Katrampilan basa nduweni patang aspek  kang ora bisa dipisahake, yaiku ngrungokake, micara, maca lan nulis. Adhedhasar wawancara karo guru SMP Negeri 2 Cerme,  panjenengane ngandharake menawa kelas VIII kurang ana greget nalika sinau basa Jawa ing kelas mligine nulis basa rinengga amarga kurang maksimale panganggone media pasinaon kang inovatif. Babagan kasebut bisa dimangrteni saka asil sinau siswa kang isih sangisore KKM yaiku 75.

Sajrone pasinaon ing kelas bakal diandharake salah sawijine prakara kang tuwuh ing pasinaon basa Jawa yaiku nulis basa rinengga. Kang dadi objek panliten iki yaiku siswa SMP Negeri 2 Cerme. Panliten iki ditujokake supaya mangerteni dayane media pasinaon ular tangga tumrap kewasisan nulis basa rinengga kanthi underane panliten : 1) Kepriye kewasisan nulis basa Rinengga siswa ing kelas VIII SMP Negeri 2 Cerme sadurunge nggunakake Media Dolanan Ular Tangga?; 2) Kepriye kewasisane nulis basa Rinengga siswa ing kelas VIII SMP Negeri 2 sawise nggunakake media Media Dolanan Ular Tangga?; 3) Kepriye asiling kewasisane nulis basa Rinengga siswa antarane kelas VIII SMP Negeri 2?; 4) Kepriye respon siswa tumrap media dolanan ular tangga basa Jawa.

Tujuwan panliten iki: 1) Ngandharake kewasisane nulis Basa Rinengga siswa ing kelas VIII SMP Negeri 2 Cerme sadurunge nggunakake Media Dolanan Ular Tangga. 2) Ngandharake kewasisane nulis basa Rinengga siswa ing kelas VIII SMP Negeri 2 sawise nggunakake media Media Dolanan Ular Tangga. 3) Ngandharake asiling kewasisane nulis basa Rinengga siswa antarane kelas VIII SMP Negeri 2. 4) Ngandharake respon siswa tumrap media dolanan ular tangga.

Paedah panliten bisa katujokake marang sekolah, guru, lan siswa. Panliten iki nggunakake metode eksperimen kanthi desain quasi eksperimen kang nggunakake nonequivalent control group design. Sajrone panliten iki panliti nggunakake telung kelas, sepisan kelas VIII D minangka kelas uji instrumen, kapindho kelas VIII B minangka kelas kontrol lan katelu kelas VIII G kang minangkakelas eksperimen. Panliten iki nggunakake teknik nglumpukake dhata kanthi cara tes lan angket. Kanggo nganalisis nggunkake t-tes.

Persentase siswa kelas eksperimen sadurunge nggunakake media dolanan ular tangga utawa asil pre-tes kang bisa nggayuh KKM yaiku 75 mung 10,7% lan siswa kang durung tuntas ana 89,29%. Sawise dicakake media dolanan ular tangga kang wis diowahi saka asale yaiku kanthi materi basa Rinengga nggunakake basa jawa. Persentase siswa kang tuntas mundhak dadi 75% lan kang durung tuntas mudhun dadi 25% ing post-tes panliten 1. Asil post-tes panliten 2, yaiku persentase siswa kang tuntas mundhak dadi 89,29% lan kang durung tuntas mundhun dadi 10,71%. adhedhasar asil kasebut bisa dimangerteni yen ana pangundhake antarane Persentase asil post-tes panliten 1 lan panliten 2. Asil saka panliten iki nuduhake H1 diterima yaiku kanthi nggunakake media dolanan ular tangga nduweni daya ngundhakake asil pasinaon siswa nulis ukara nggunakake basa rinengga Kelas VIII SMP Negeri 2 Cerme.

Tembung Wigati: upaya, eksperimen, kawasisan, media dolanan, ular tangga, basa rinengga.

Published
2014-08-13
How to Cite
KARTIKA W., R. (2014). UPAYA NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS UKARA NGGUNAKAKE BASA RINENGGA KANTHI MEDIA DOLANAN ULAR TANGGA SISWA KELAS VIII SMP NEGERI 2 CERME TAUN AJAR 2013-2014. JOB (Jurnal Online Baradha), 2(3). https://doi.org/10.26740/job.v2n3.p%p
Abstract Views: 59
PDF Downloads: 15