PROBLEM KAJIWANE PARAGA MINANGKA OBYEK SEKS SAJRONE CERBUNG KESUMAT ANGGITANE TIWIEK S.A (Psikologi Kapribadhen G.W Allport)

  • HANDAYANI

Abstract

ABSTRAK

Wanita mujudake perangan saka panguripane manungsa ing bebrayan agung. Saben-saben wanita nduweni kapribadhen kang beda karo wanita-wanita liyane. Cerbung Kesumat anggitane Tiwiek S.A iki uga ngandharake bab-bab ngenani kajiwane wanita minangka objek seks. Adhedhasar kahanan kasebut, cerbung Kesumat iki bakal kadhudhah kanthi tintingan psikologi kapribadhen mligine nggunakake teori Gordon W. Allport. Panliten kang nggunakake tintingan psikologi kapribadhen iki mujudake panliten kualitatif dheskriptif. Dhata sajrone panliten iki arupa tembung-tembung lan ukara-ukara kang ngandharake problem kajiwan kang dijupuk saka sumber dhata, yaiku cerbung Kesumat anggitane Tiwiek S.A kang nate kapacak ing kalawarti abasa Jawa Jayabaya wiwit edhisi 14 tanggal 29 Nopember 1987 lan dipungkasi ing edhisi 33 tanggal 10 April 1988. Dhata-dhata kasebut dikumpulake kanthi teknik studi kapustakan, pilih, lan cathet. Analisis dhata kang digunakake sajrone panliten iki yaiku dheskriptif. Teori kang digunakake kanggo nganalisis dhata yaiku teori psikologi kapribadhen, mligine nggunakake teori Gordon W. Allport. Asil saka panliten iki yaiku nuduhake problem-problem kajiwan kang dirasakake dening wanita kang minangka objek seks kasebut lan mangerteni sipat-sipat wanita minangka objek seks kasebut saengga bisa diweruhi kaya ngapa wanita objek seks kasebut anggone mungkasi problem kang ana ing jiwane kasebut kang arupa trauma.

 

Tembung wigati: problem kajiwan, objek seks, intensi

Published
2014-08-13
How to Cite
HANDAYANI,. (2014). PROBLEM KAJIWANE PARAGA MINANGKA OBYEK SEKS SAJRONE CERBUNG KESUMAT ANGGITANE TIWIEK S.A (Psikologi Kapribadhen G.W Allport). JOB (Jurnal Online Baradha), 2(3). https://doi.org/10.26740/job.v2n3.p%p
Abstract Views: 38
PDF Downloads: 89