REKADAYA PRAKARA UKUM ING CERBUNG PAK GURU ANGGITANE SUHINDRIYO : TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA

  • GAYUH RISDIAN SAPUTRO

Abstract

Abstrak

Rekadaya prakara ukum  minangka tumindak kurang adil kang ditindakake para penegak ukum jroning njejegake keadilan ukum. Ancase ukum kang mujudake keadilan ora bisa dirasakake kabeh masyarakat, utamane kanggo masyarakat cilik. Sawijining prakara bisa direkadaya gumantung cacahe dhuwit kang diwenehake marang penegak ukum.

Underan panliten iki ngenani kepriye wujude rekadaya prakara ukum ing cerbung Pak Guru. Adhedhasar underan panliten kasebut, ancasing panliten yaiku ngerteni lan njlentrehake wujude rekadaya prakara ukum kang ana ing cerbung Pak Guru. Paedah saka panliten iki bisaa nambah wawasan lan nyengkuyung sarta ngramekake pangrembakane sastra Jawa modern kang apik lan linuwih, mligine kritik sastra kang nggunakake tintingan sosiologi sastra.

Lelandhesane teori kang digunakake in panliten iki yaiku, teori sosiologi sastra saka panemune Wellek lan Warren, yaiku ngenani isi karya sastra. Sabanjure metodhe kang digunakake ing panliten iki yaiku metodhe deskritif kualitatif. Sumber dhata kang digunakake arupa teks cerbung Pak Guru kang cacahe rong puluh edhisi. Dhata kang digunakake arupa tembung, ukara, paragrap, dialog antar paraga, lan wacana ing cerbung Pak Guru kang gegayutan karo prakara kang arep ditliti.

Asile panliten kang sepisan njlentrehake wujude rekadaya prakara ukum kang dumadi nuduhake anane prakara beselan marang petugas ukum lan dumadine kekerasan ing pakunjara. Kapindho njlentrehake bab kang njalari anane rekadaya prakara ukum, yaiku keblinger marang dhuwit, ngamanake jabatan, lan kepentingan politik. Katelu pungkasane anane rekadaya prakara ukum kasebut nuwuhake rong prakara tumrape para narapidana, yaiku pasrah marang kahanan lan mbalela marang ukum. Kang pungkasan yaiku pamawase pangripta ngenani anane rekadaya prakara ukum nuwuhake saperangan guru-guru lan karyawan mbudidaya menyang pengadilan, unjuk rasa menyang pasidhangan, lan pilih masrahake marang proses ukum kang lumaku.

 

Kata Kunci: rekadaya ukum, sosiologi sastra, cerbung.

Published
2014-08-13
How to Cite
RISDIAN SAPUTRO, G. (2014). REKADAYA PRAKARA UKUM ING CERBUNG PAK GURU ANGGITANE SUHINDRIYO : TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA. JOB (Jurnal Online Baradha), 2(3). https://doi.org/10.26740/job.v2n3.p%p
Abstract Views: 47
PDF Downloads: 16