PANGEMBANGAN LKS ELEKTRONIK KANGGO NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NYEMAK DONGENG SISWA KELAS VII SMP NEGERI 1 TANJUNGANOM TAUN PIWULANGAN 2013/2014

  • AMELIA FEBRIANA

Abstract

Abstrak

Pangrembakane teknologi kang tansaya maju nyebabake saben wong kudu bisa nggunakake teknologi kanggo nyelarasake teknologi karo sakabehe kabutuhan. Guru minangka pendhidhik kudune bisa nyalarasake teknologi karo proses pasinaone siswa. Ora bisa diselaki, ing atase jaman kang tansaya maju iki ora sethithik siswa kang ora kenal marang teknologi. Mula guru dituntut kudu bisa ngimbangi pangrembakane jaman. Salah sawijine cara guru kanggo ngimbangi pangrembakane jaman bisa lumantar ing bahan ajar kayata LKS. LKS kang asipat mandhiri kudu bisa digawe luwih kreatif, lan inovatif bisa salaras karo pangrembakane teknologi lan kabutuhane siswa .

Panliten iki kalebu panliten pangembangan, kang ngudhari uderaning panliten, yaiku (1) Kepriye proses pengembangane LKS elektronik?; (2) Kepriye tingkat validitas pengembangane LKS elektronik?; (3) Kepriye tingkat efektivitas panganggone LKS elektronik?; lan (4) Kepriye respon siswa tumrap LKS elektronik?. Tujuwan panliten iki kanggo nggandharake (1) Ngandharake proses pangembangane LKS elektronik, (2) Ngandharake tingkat validitas pangembangane LKS elektronik, (3) Ngandharake tingkat efektivitas panganggone LKS elektronik, (4) Ngandharake respon siswa tumrap panganggone LKS elektronik. Hipotes panliten yaiku, Ho: Pangembangan LKS elektronik ora efektif kanggo ngundhakake asil pasinaon nyemak dongeng, lan Ha: Pangembangan LKS elektronik efektif kanggo ngundhakake asil pasinaon nyemak dongeng.

Panliten iki kalebu panliten pangembangan, lan konsep pangembangan kang digunakake yaiku pola pangembangan 4-D miturute Thiagarajan (sajrone Trianto,2013:93), utawa bisa diadhaptasi dadi 4-P miturute Trianto (2013:93) yaiku pendefisian (define), pengrancangan (design), pangembangan (develop), lan penyebaran (disseminate). Proses pangembangan LKS ditindakake kanthi cara nindakake tahap-tahap pangembangan kasebut. Sajrone tahap iki kayata, validasi materi saka dosen lan guru guru, uga validasi saka ahli medhia.

Asil analisis panliten iki tumrap proses pangembangan bisa dimangerteni saka asil validasi LKS elektronik kang kagolong apik. Biji saka validator kayata, saka ahli materi (dosen) ngasilake persentase biji 75%, saka ahli materi (guru) ngasilake persentase biji 96%, lan saka ahli medhia ngasilake persentase biji 92%. Saka pambiji telung validator kasebut bisa dimangereteni rata-rata validasi yaiku 87,7%, mula LKS elektronik bisa diarani apik.

Keefektivan saka LKS kang dikembangake bisa dimangerteni saka asil biji pasinaon siswa. Asil efektivitas pasinaon kelas kontrol ing panliten I ngasilake biji   = 2,88   = 2,042, ing kelas uji instrumen panliten  I ngasilake biji   = 0,43   = 0,32, lan kelas eksperimen ngasilake biji   = 7,62   = 2,042. Adhedhasar biji kasebut bisa didudut yen “ ditolak” lan “ ditampa”, ateges asil biji pre-test lan post-test kelas kontrol, kelas uji instrumen , lan kelas eksperimen ing panliten I signifikan. Asil efektivitas pasinaon kelas kontrol ing panliten II ngasilake biji   = 3,6   = 2,042, ing kelas uji instrumen panliten II ngasilake biji  = 0,50   = 0,32, lan kelas eksperimen ngasilake biji   = 8,7   = 2,042. Adhedhasar biji kasebut bisa didudut yen “ ditolak” lan “ ditampa”, lan ateges asil biji pre-test lan post-test kelas kontrol, kelas uji instrumen lan kelas eksperimen ing panliten II signifikan.

Asil analisis respon siswa tumrap LKS elektronik bisa dimangerteni saka asil persentase respon siswa kelas eksperimen lan kelas uji instrument. Saka asil analisis respon siswa kelas eksperimen ngasilake persentase pambiji 71,99%, lan saka kelas uji instrument ngasilake persentase pambiji 84,95%. Mula saka iki LKS elektronik bisa diarani “efektif” adhedhasar saka asil respon siswa kang apik.

 

Kata Kunci: pangembangan, LKS elektronik, nyemak, dongeng

Published
2014-08-19
How to Cite
FEBRIANA, A. (2014). PANGEMBANGAN LKS ELEKTRONIK KANGGO NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NYEMAK DONGENG SISWA KELAS VII SMP NEGERI 1 TANJUNGANOM TAUN PIWULANGAN 2013/2014. JOB (Jurnal Online Baradha), 2(3). https://doi.org/10.26740/job.v2n3.p%p
Abstract Views: 14
PDF Downloads: 13