TINDAK TUTUR ING MASYARAKAT DESA MACANBANG, KECAMATAN GONDANG, KABUPATEN TULUNGAGUNG

  • RISKI YULIA WARDANI

Abstract

Abstrak

Tindak tutur ngelem kalebu tindak tutur ekspresif sing isih digunakake lan kerep diprangguli ing bebrayan. TTNG ditindakake dening panutur kanggo medharake kaluwihane wong liya.  Dhasar kuwi nduweni sesambungan karo stimulus, struktur sosial, relasi sosial, norma sosial. Punjere panliten iki yaiku ngenani apa wae jinis tindak TTNG minangka tindak tutur lokusi adhedhasar cara medharake, TTNG minangka tindak tutur ilokusi adhedhasar tujuwan panutur, lan TTNG minangka tindak tutur perlokusi adhedhasar pananggepe mitratutur ing masyarakat Desa Macanbang, Kecamatan Gondang, Kabupaten Tulungagung. Adhedhasar punjere panliten, ancas panliten iki ngandharake lan njlentrehake jinis TTNG minangka tindak tutur lokusi adhedhasar lageyane penutur, TTNG minangka tindak tutur ilokusi adhedhasar tujuwan  panutur, lan TTNG minangka tindak tutur perlokusi adhedhasar pananggepe mitratutur ing masyarakat Desa Macanbang, Kecamatan Gondang, Kabupaten Tulungagung. Paedah teoritis panliten iki yaiku kanggo nyengkuyung ilmu pragmatik lan menehi sumbangsih tumrap ilmu sintaksis ngenani ukara pangalembana. Paedah praktis kanggo ngrembakake materi ajar basa Jawa ing sekolahan mligine tatacara ngelem kang pener lan bener.

Panliten iki asipat deskriptif. Teori sing digunakake yaiku teori tindak tutur Searle kang disengkuyung dening teorine Brown Levinson. Dhata panliten iki dijupuk dening panliti ing lapangan. Sumber dhatane asale saka cathetan lan rekaman warga Desa Macanbang, Kecamatan Gondang, Kabupaten Tulungagung. Tata cara nglumpukake dhata kanthi metodhe semak lan wicara. Tatacara  njlentrehake dhata kanthi metodhe distribusional, teks lan konteks. Dene tatacara nyuguhake jlentrehan dhata kanthi informal.

Asil panliten kaperang dadi telu yaiku TTNG minangka tindak tutur lokusi adhedhasar cara medharake diperang dadi 8, yaiku (1) TTNG kanthi blaka langsung tumrap kahanan, (2) TTNG kanthi blaka langsung tumrap tumindak, (3) TTNG kanthi blaka ora langsung tumrap kahanan, (4) TTNG kanthi blaka ora langsung tumrap tumindak, (5) TTNG kanthi samudana langsung tumrap kahanan, (6) TTNG kanthi samudana langsung tumrap tumindak, (7) TTNG kanthi samudana ora langsung tumrap kahanan, (8) TTNG kanthi samudana ora langsung tumrap tumindak. Jinis TTNG minangka tindak tutur ilokusi adhedhasar tujuwane penutur diperang dadi 4, yaiku (1) mbombong, (2) pamrih, (3) weneh pamrayoga, (4) weneh panyengkuyung. Jinis TTNG minangka tindak tutur perlokusi adhedhasar pananggepe mitratutur diperang dadi 5 yaiku (1) ditampa, ditampik, disarujuki, dibalekake, lan digeser.

Dudutan saka panliten iki yaiku penutur nggunakake cara blaka lan samudana nalika medharake pangalembanane uga kanthi langsung lan lumantar wong liya. TTNG sing paling akeh nduweni tujuwan bombing. Pananggape mitratutur ditemtokake cara medharake penutur.

 

Tembung wigati: tindak tutur ngelem, masyarakat, cara medharake, pananggepe mitratutur, konteks sosial

Published
2014-08-19
How to Cite
YULIA WARDANI, R. (2014). TINDAK TUTUR ING MASYARAKAT DESA MACANBANG, KECAMATAN GONDANG, KABUPATEN TULUNGAGUNG. JOB (Jurnal Online Baradha), 2(3). https://doi.org/10.26740/job.v2n3.p%p
Abstract Views: 39
PDF Downloads: 22