ASPEK FOLKLORIK PANJI SAJRONE KIDUNG WANGBANG WIDEYA(Tintingan Struktural Naratif)

  • EVA CAHYANING TYAS

Abstract

ABSTRAK

Carita panji sajrone Kidung Wangbang Wideya ngemot carita tresnane Raden Makaradwaja marang putri Warastrasari. Tresnane raden Makaradwaja mau ndadekake dheweke nggunakake sakabehe cara kanggo nyandhing putri Daha. Carita panji uga mujudake carita dongeng kang ngrembug pahlawan sejati.Adhedhasar alesan-alesan mau mula panliten kanthi irah-irahan Aspek Folklorik Carita Panji sajrone Kidung Wangbang Wideya dilakoni.

Ing panliten iki ana telung underan panliten: (1) kepriye struktur cerita panji sajrone kidung Wangbang Wideya? (2) kepriye fungsi paraga ing cerita panji sajrone kidung Wangbang Wideya? (3) kepriye aspek folklorik sajrone cerita panji sajrone kidung Wangbang Wideya?. Ancas saka panliten iki yaiku: (1) ngerteni struktur cerita panji sajrone kidung Wangbang Wideya. (2) ngerteni fungsi paraga ing cerita panji sajrone kidung Wangbang Wideya. (3) ngerteni aspek folklorik sajrone cerita panji sajrone kidung Wangbang Wideya. Panliten iki diajab bisa menehi paedah tumrap sawenehing pihak yaiku (1) tumrap panliti, (2) tumrap pamaos.

 Landhesan teori ing panaliten iki yaiku: (1) struktur naratif minangka dhasar panliten iki. (2) Teori Struktur naratif Todorov kang ngandhakake struktur cerita panji adhedhasar sekuen-sekuen utawa susunan teks carita. (3) Teori Struktur naratif Vladimir Propp kang ngandharake fungsi paraga utawa tumindake paraga. (4) Teori Folklor Bascom ngenani carita rakyat lan pamawase Zoetmulder kang ngandharake yen carita panji kuwi bisa kagolong carita rakyat kang nduweni unsur-unsur romantik kang dicampur karo legenda-legenda.

Panliten iki kalebu jinising panliten kualitatif dheskriptif. Sumber data panliten iki arupa teks carita panji kidung Wangbang Wideya terbitane  S. O. Robson. Data panliten arupa cecaturan antarane paraga, tembung, ukara, paragrap kang ngandhut bab-bab  kang gegayutan kalawan struktur naratif. Tata cara nggumpulake data ing panliten iki kanthi teknik kapustakan lan teknik waca pilih cathet nganggo sistem menehi tandha-tandha garis ngisor ing data kang dibutuhake. Tata cara ngolah data nggunakake metode sruktur naratif.

Asil saka panliten nuduhake carita panji sajrone kidung Wangbang Wideya mujudake carita kang nduweni struktur urutan logis lan temporal amarga saben sekwene mujudake carita. Carita panji kadadeyan saka tema mayor  tresnane Raden Makaradwaja marang putri Warastrasarilan 14 tema minor. Tema minor mau pungkasane nduweni sekuen cacahe 118 saka wiwitan nganti pungkasan. Adhedhasar klasifikasi fungsi paraga kang ditindakake dening Propp ing tintingan kapustakan, bisa diklasifikasekake 24 fungsi paraga kang kaperang kaya mangkene (1) purwaka: ninggalake omah, wewaler, nerak anger-anggering kasusilan, tumindak matapita, ngandharake warta, apus-apus, kompleksitas . (2) isi carita: kadurjanan, mediasi, miwiti males  ukum, lunga. (3) rerangken  donor: fungsi pitulungan kang wiwitan, pananggap pahlawan, panampa samubarang magis, bimbingan , perang tanding, diweruh, kamenangan, ora kasil. (4) mbalike  sang pahlawan: mulih, nggoleki, mbukak wewadi, pangrembagan kapribadhen  dhedhaupan. Saka 24 fungsi bisa digolongake dadi 7 wewangkon, kayata: (1) wewangkon tumindak wong ala ing carita panji sajrone kidung Wangbang Wideya terbitane Robson iki yaiku Raja Lasem. (2) wewangkon tumindak donor ing carita panji sajrone kidung Wangbang Wideya yaiku Empu Siwasmreti. (3) wewangkon tumindak panulunging carita panji sajrone kidung wangbang wideya awujud ngimpi (4) wewangkon tumindak putri lan bapake. Putri Daha lan raja Daha menehi tugas marang pahlawan. (5) wewangkon tumindak perantara katindakake dening Ki Carang-Lengkara. (6) wewangkon tumindak pahlawan ing cerita panji sajrone kidung Wangbang Wideya katindakake dening Panji Wireswara (7) wewangkon tumindak pahlawan palsu katindakake dening Raden Makaradwaja. Aspek Folklorik cerita Panji sajrone kidung Wangbang Wideya bisa dingerteni saka ceritane kang mujudake dongeng.

 

TembungWigati: Cerita Panji,Struktur Naratif, Dongeng

Published
2014-08-19
How to Cite
CAHYANING TYAS, E. (2014). ASPEK FOLKLORIK PANJI SAJRONE KIDUNG WANGBANG WIDEYA(Tintingan Struktural Naratif). JOB (Jurnal Online Baradha), 2(3). https://doi.org/10.26740/job.v2n3.p%p
Abstract Views: 49
PDF Downloads: 29