LAKU ASKETIK SAJRONE KITAB BAB ASALE MANUNGSA

  • ISNAINI DITYA PRAMUSINTA

Abstract

Abstrak

                   Naskah Kitab Bab Asale Manungsa iki mujudake kasusastran Islam kejawen. Naskah Kitab Bab Asale Manungsa iki ngrembug ngenani ajaran mistik tasawuf. Ajaran mistik tasawuf mujudake salah sawijine ajaran Islam. Ajaran tasawuf mulangake maneka kawruh, salah sawijine yaiku mulangake kepriye dadi manungsa kang cedhak klawan Gustine kanthi suci lair lan batine. Piwulangan tata cara nggladhi dhiri, manengkung, tapa lan semedi kuwi narik kawigaten panliti kanggo didudah sajrone panliten iki, banjur sakabehe bab kang gegayutan karo piwulangan iku sabanjure diarani laku asketik.

Panliten iki nggunakake lelandhesan teori filologi kang diandharake dening Baried. Sabanjure metode hermeneutik digunakake kanggo nafsirake bab kang ditliti sajrone naskah Kitab Bab Asale Manungsa iki. Dipilihe suntingan edhisi standar dening panliti kanggo nerbitake teks kang gampang diwaca dening pamaos.

Tuwuhe sawijine kasusastran mesthi dijalari dening kasusastran liyane sadurunge, semono uga naskah iki. Ditemokake saperangan bab kang meh padha karo naskah liyane kang ngrembug ajaran tasawuf. Adhedasar kuwi mula ditindakake uga kajian intertekstual tumrap naskah iki, lan salah sawijine naskah liyane kang wis ditemtokake dening panliti. Naskah kang digawe sarana kajian intertekstual tumrap naskah Kitab Bab Asale Manungsa yaiku naskah Wirid Hidayat Jati anggitane R.Ng Ranggawarsita kang wis disalin dening R.Tanaya. 

Saka andharan mau, dijupuk undherane rembug ing panliten iki yaiku: (1) kepriye deskripsi lan suntingan teks Kitab Bab Asale Manungsa? (2) kepriye Polah Laku Asketik sajrone Kitab Bab Asale Manungsa? (3) kepriye analisis intertekstual sajrone Kitab Bab Asale Manungsa lan Wirid Hidayat Jati?. Adhedasar punjere panliten mau, panliten iki nduweni tujuwan ngandharake isine naskah Kitab Bab Asale Manungsa yaiku: (1) Njlentrehake deskripsi lan suntingan teks Kitab Bab Asale Manungsa? (2) ngandharake Polah Laku Asketik sajrone Kitab Bab Asale Manungsa? (3) ngandharake kajian intertekstual sajrone Kitab Bab Asale Manungsa lan Wirid Hidayat Jati.

Tata cara kang digunakake kanggo nintingi data yaiku: deskripsi naskah, translitrasi naskah, suntingan teks naskah, laku asketik sajrone naskah, analisis intertekstual naskah Kitab Bab Asale Manungsa lan Wirid Hidayat Jati, lan menehi dudutan saka asile tintingan data.

Adhedasar andharan mau, didudut asile panliten ngenani deskripsi naskah, translitrasi naskah, suntingan teks naskah, laku asketik sajrone naskah, analisis intertekstual naskah Kitab Bab Asale Manungsa lan Wirid Hidayat Jati. Deskripsi naskah Kitab Bab Asale Manungsa yaiku: dumadi saka rong buku, cacahe kaca yaiku buku A ana 33 lembar, buku B ana 22 lembar. 9 kaca tanpa tulisan lan gambar, kahanan naskah apik, ditulis nganggo aksara Jawa, nggunakake basa Jawa ngoko, saperangan kaca ditulis nganggo aksara latin, uga nggunakake basa Walanda lan Inggris, lan ana bagan-bagan, kawuwuhan gambar-gambar.

Suntingan teks kang ditindakake ana panilten iki yaiku mligi ing teks-teks utawa ukara kang ngrembug ngenani laku asketik. Ditemokake 57 tembung lan ukara sing narik kawigaten panliti kanggo ditindakake kritik lan komentar. Laku asketik kang ana sajrone naskah Kitab Bab Asale Manungsa iki diperang dadi telu bab yaiku laku asketik, tata cara nindakake laku asketik lan paedahe laku asketik. Banjur saka analisis intertekstual kang ditindakake marang naskah Kitab Bab Asale Manungsa lan Wirid Hidayat Jati ditemokake bab sing padha, bab-bab kuwi yaiku: laku asketik, bab ciptane manungsa, sahadat, hawa nepsu, laku limang perkara lan patang tataran ing tasawuf.

Tembung Wigati: filologi, laku asketik, intertekstual, naskah, kejawen.       

Published
2014-08-19
How to Cite
DITYA PRAMUSINTA, I. (2014). LAKU ASKETIK SAJRONE KITAB BAB ASALE MANUNGSA. JOB (Jurnal Online Baradha), 2(3). https://doi.org/10.26740/job.v2n3.p%p
Abstract Views: 33
PDF Downloads: 49