ASPEK STILISTIK LAN FILOSOFIS ING CAKEPAN GENDHING-GENDHING PAHARGYAN MANTEN ADAT SURAKARTA

  • FERDYANSYAH KARNAIN

Abstract

Abstrak

Cakepan gendhing minangka tembang utawa sekar Jawa kang asipat lawas, tegese isih migunakake puitika Jawa lawas. Anggone maca cakepan mau kanthi titi laras lan diiringi gamelan utawa karawitan Jawa klasik. Cakepan gendhing kapilih minangka objeke panliten amarga lelewaning basa kang ana ing cakepan gendhing lumrahe duweni bentuk kang maneka warna amarga dumadi saka reriptan sastra Jawa lawas kang isih nengenake “othak-athik mathuk”. Gendhing – gendhing pahargyan minangka salah sawijining jinis gendhing adhedhasar fungsi panganggone. Gendhing pahargyan  kaperang maneh adhedhasar jinis pahargyane. Gendhing pahargyan kang dadi punjere panliten yaiku pahargyan manten adat Surakarta. Gendhing-gendhing kang digunakake kanggo ngiringi upacara dhaup mau wis lumrah diungelake ing saben pahargyan, nanging ing pahargyan siji lan sijine tamtu wae duweni bab kang beda gumantung saka wewengkone. Bab-bab mau bisa didadekake lelandhesing panliten kanthi nengenake struktural, stilistika, lan aspek filsafate. Analisis katindakake kathi pangajab bisa nemokake kekhasan reriptan sastra mau.

Teori kang digunakake yaiku teori stilistik lan filsafat. Dhata panliten iki dijupuk saka buku lan rekaman. Sumber dhatane asale saka antologi gendhing pahargyan,  antologi gendhing Ki Narto Sabdo lan rekaman gendhing pahargyan manten RRI Solo.Tatacara nglumpukake dhata kanthi metodhe pustaka lan nyemak. Teknik kang digunakake yaiku teknik transkripsi.

Jinis cakepan gendhing pahargyan manten adat Surakarta kaperang adhedhasar struktur wewangunane. Jinis cakepan mau yaiku, sekar, lelagon ,wangsalan, parikan, salisir lan abon-abon. Sekar kang ana ing cakepan gendhing pahargyan manten adat Surakarta yaiku sekar macapat, dene sekar tengahan lan sekar ageng ora ana ing jinise cakepan gendhing.

Published
2014-08-21
How to Cite
KARNAIN, F. (2014). ASPEK STILISTIK LAN FILOSOFIS ING CAKEPAN GENDHING-GENDHING PAHARGYAN MANTEN ADAT SURAKARTA. JOB (Jurnal Online Baradha), 2(3). https://doi.org/10.26740/job.v2n3.p%p
Abstract Views: 48
PDF Downloads: 62