LAKON PASEBAN SAJRONE WAYANG TOPENG GAGRAG MALANG KI SHOLEH ADI PRAMONO

  • PARAMITHA DEWI INDRANINGTYAS

Abstract

Abstrak

Wayang minangka salah sawijine kabudayan Jawa kang dadi warisan kabudayan Indonesia kang kudu dijaga lan dilestarekake. Wayang Topeng Gagrag Malang yaiku salah sawijine wujud karya seni kang njerone kinandhut maneka warna ajaran lan nilai-nilai kang adiluhung, saengga bisa didadekake tuladha kanggo urip bebrayan. Kanggo luwih mangerteni kanthi jero lan cetha ngenani seni Wayang Topeng, panaliten iki ngrembug ngenani Lakon Paseban sajrone Wayang Topeng Gagrag Malang Ki Sholeh Adi Pramono. Kanggo luwih mangerteni kanthi jero lan cetha ngenani seni Wayang Topeng, panaliten iki ngrembug ngenani Lakon Paseban sajrone Wayang Topeng Gagrag Malang Ki Sholeh Adi Pramono. Underaning panliten yaiku:  (1) Kepriye Sejarah Wayang Topeng Gagrag Malang?, (2) Kepriye Struktur lakon “Paseban” sajrone Wayang Topeng Gagrag Malang Ki Dhalang Soleh Adi Pramono?, (3) Nilai-nilai apa wae kang kinandhut ing lakon “Paseban” sajrone Wayang Topeng Gagrag Malang Ki Dhalang Soleh Adi Pramono?, (4) Kepriye Fungsi Gebyar Wayang Topeng Gagrag Malang kanthi lakon “Paseban” Ki Dhalang Soleh Adi Pramono?, lan (5) Apa wae kang dadi unsur panyengkuyung gebyar Wayang Topeng Gagrag Malang?. Selaras karo tujuwan panalitene, panaliten iki mujudake panliten deskriptif kualitatif. Objek panaliten iki yaiku “Lakon Paseban Sajrone Wayang Topeng”. Sumber dhata panaliten iki ana loro, yaiku (1) sumber dhata pokok yaiku naskah pedhalangan lan (2) sumber data tambahan yaiku katrangan tambahan sajrone panaliten. Saka panaliten iki bisa didudut limang bab kang slaras karo underaning panaliten. Dudutan kapisan ngenani sinopsis teks carita Wayang Topeng lakon Paseban, struktur carita sajrone carita Wayang Topeng lakon Paseban, nilai carita sajrone carita Wayang Topeng lakon Paseban, lan fungsi carita sajrone carita Wayang Topeng lakon Paseban. Dudutan kaping pindho yaiku bab analisis struktur gebyar Wayang Topeng lakon Paseban nggunakake alur maju. Ing carita iki nyritakake pangurbanane para raja Kanjuruhan lan Turyanpada amrih Negara kang dipimpin bisa tentrem. Dudutan kaping telu yaiku ngenani nilai moral kang bisa dadi tuladhan ing bebrayan. Dudutan kaping papat yaiku fungsi gebyar Wayang Topeng kanthi lakon Paseban iki bisa ningkatake solidaritas masyarakat panyengkuyunge. Dudutan ing pungkasan yaiku unsur-unsur panyengkuyung gebyar wayang Topeng kang dadi sampurnane pagelaran kasebut.

 

Abstrak

Wayang merupakan salah satu budaya Jawa yang menjadi warisan kebudayaan Indonesia yang harus dijaga dan dilestarikan. Wayang Topeng Gaya Malang adalah salah satu wujud karya seni yang didalamnya mengandung berbagai macam ajaran dan nilai-nilai luhur, sehingga bisa dijadikan contoh untuk hidup bermasyarakat. Untuk lebih mengerti secara mendalam mengenai seni Wayang Topeng, penelitian ini membahas tentang Lakon Paseban sajrone Wayang Topeng Gagrag Malang Ki Sholeh Adi Pramono.Rumusan masalah yang disajikan, yaitu: (1) Bagaimana Sejarah Wayang Topeng Gagrag Malang?, (2) Bagaimana struktur lakon “Paseban” dalam Gebyar Wayang Topeng Gagrag Malang Ki Dhalang Soleh Adi Pramono?, (3) Nilai-nilai apa saja yang terkandung dalam lakon “Paseban” dalam Gebyar Wayang Topeng Gagrag Malang Ki Dhalang Soleh Adi Pramono?, (4) Bagaimana Fungsi Gebyar Wayang Topeng Gagrag Malang dengan lakon “Paseban” Ki Dhalang Soleh Adi Pramono?, (5) Apa yang menjadi unsur pendukung pagelaran Wayang Topeng Gagrag Malang?. Selaras dengan tujuan penelitian, penelitian ini mewujudkan penelitian deskriptif kualitatif. Objek penelitian ini adalah “Lakon Paseban Sajrone Wayang Topeng”. Sumber data penelitian ada dua, yaitu (1) sumber data pokok yaitu naskah pedhalangan, dan (2) sumber data tambahan yaitu keterangan keterangan tambahan dalam penelitian. Dari penelitian ini bisa disimpulkan menjadi lima bab yang sesuai dengan rumusan masalah penelitian. Kesimpulan pertama yaitu mengenai sinopsis teks cerita Wayang Topeng lakon Paseban, nilai cerita Wayang Topeng lakon Paseban, dan Fungsi cerita Wayang Topeng lakon Paseban. Kesimpulan yang kedua yaitu mengenai struktur pertunjukan Wayang Topeng lakon Paseban menggunakan alur maju. Cerita ini menceritakan pengorbanan raja Kanjuruhan dan Turyanpada supaya Negara yang dipimpin bisa tentram. kesimpulan ketiga yaitu mengenai nilai yang bisa menjadi contoh dikehidupan. Kesimpulan keempat yaitu fungsi gebyar Wayang Topeng dengan Lakon Paseban ini bisa meningkatkan solidaritas masyarakat pendukungnya. Kesimpulan terakhir yaitu unsur-unsur pendukung gebyar Wayang Topeng yang menjadi sempurnanya sebuah pertunjukan tersebut.

Published
2014-08-21
How to Cite
DEWI INDRANINGTYAS, P. (2014). LAKON PASEBAN SAJRONE WAYANG TOPENG GAGRAG MALANG KI SHOLEH ADI PRAMONO. JOB (Jurnal Online Baradha), 2(3). https://doi.org/10.26740/job.v2n3.p%p
Abstract Views: 50
PDF Downloads: 28