LAKON ADIPATI ARYA BLITAR SAJRONE WAYANG KENTRUNG RARAS MADYA ING KABUPATEN BLITAR

  • AZIZAH FATIMATUZ ZAHRO

Abstract

Abstrak

Lakon Adipati Arya Blitar yaiku sawijine unsur sejarah ing Kabupaten Blitar, cethane babagan kang ngandharake mula buka Kabupaten Blitar saka Prajurit Tar-tar kalebu Bangsa Mongolia saka China kang pengin nguwasani tlatah kasebut. Carita Adipati Arya Blitar iki ora mung diandharake minangka sawijine dongeng, ananging uga diandharake ing piwulangan kang nduweni pangajab bisa nggayuh paedah saka critane.

Sesambungan karo andharan ing dhuwur iku, ana limang prakara kang dadi undheraning panliten yaiku (1) Kepriye mula bukane Wayang Kentrung Raras Madya ing Kabupaten Blitar?; (2) Apa bae perangan kang ngrenggani sajrone pagelaran?; (3) Kepriye struktur Lakon Adipati Arya Blitar sajrone Wayang Kentrung?; (4) Kepriye isi crita Lakon Adipati Arya Blitar sajrone Wayang Kentrung?; lan (5) Kepriye fungsi Wayang Kentrung Raras Madya tumrap masyarakat ing Kabupaten Blitar? Tujuwan panliten iki yaiku (1) Ngandharake mula buka Wayang Kentrung Raras Madya ing Kabupaten Blitar, (2) Ngandharake babagan kang ngrenggani sajrone pagelaran Wayang Kentrung Raras Madya, (3) Ngandharake struktur Lakon Adipati Arya Blitar sajrone Wayang Kentrung, (4) Ngandharake isi crita Lakon Adipati Arya Blitar sajrone Wayang Kentrung, lan (5) Ngandharake fungsi Wayang Kentrung Raras Madya tumrap masyarakat ing Kabupaten Blitar.

Panliten iki nggunakake konsep Moleong yaiku metodhe kualitatif kang ngandharake nyathet fenomena-fenomena kang dideleng lan dirungokake lumantar gambar, wawancara, cathetan lapangan, vidio, dokumen nganti tuntas. Asiling panliten nuduhake yen saka babagan struktur kanthi tintingan struktur lakon minangka nggunakake unsur intrinsik yaiku tema, paraga, latar panggonan lan latar wektu uga alur carita nggunakake alur progesif minangka alur maju. Panliten babagan nilai budaya nggunakake konsep Kluckhon kang kaperang dadi loro yaiku (1) nilai moral, kang ngemot ngenani pangabekten marang wongtuwa lan pangabekten marang guru, dene (2) nilai kahanan, kang ngandhut nilai kahanan ngenani hakikat uripe manungsa lan kahanan ngenani kalungguhane manungsa.

Pepenget: Lakon, Kentrung, Budaya

 

Abstrak

Lakon Adipati Arya Blitar yaitu salah satu unsur sejarah di Kabupaten Blitar, maksudnya suatu bab yang membahas tentang asal mula Kabupaten Blitar dari Prajurit Tar-tar Bangsa Mongolia dari China yang ingin menguasai daerah itu. Cerita Adipati Arya Blitar tidak hanya disampaiakan melalui dongeng, tetapi juga disampaiakan di dalam pelajaran yang memiliki harapan bisa meraih manfaat dari cerita tersebut.

Berhubungan dengan penjelasan diatas, ada lima perkara yang menjadi rumusan masalah yaitu (1) Bagaimana awal munculnya Wayang Kentrung Raras Madya di Kabupaten Blitar?; (2) Apa saja bagian yang ada dalam pagelaran Wayang Kentrung?; (3) Bagaimana struktur Lakon Adipati Arya Blitar dalam Wayang Kentrung?; (4) Bagaimana isi crita Lakon Adipati Arya Blitar dalam Wayang Kentrung?; dan (5) Bagaiman fungsi Wayang Kentrung Raras Madya kepada masyarakat di Kabupaten Blitar? Tujuan penelitian ini adalah (1) Menjelaskan tentang awal munculnya Wayang Kentrung Raras Madya di Kabupaten Blitar, (2) Menjelaskan tentang  bagian yang ada dalam pagelaran Wayang Kentrung, (3) Menjelaskan struktur Lakon Adipati Arya Blitar dalam Wayang Kentrung, (4) Menjelaskan isi crita Lakon Adipati Arya Blitar dalam Wayang Kentrung, dan (5) Menjelaskan fungsi Wayang Kentrung Raras Madya kepada masyarakat di Kabupaten Blitar.

Penelitian ini menggunakan konsep Moleong yaitu metode kualitatif yang menjelaskan mencatat fenomena-fenomena yang dilihat dan didengarkan melalui gambar, wawancara, catatan lapangan, vidio, dokumen sampai selesai. Hasil dari penelitian menunjukan bahwa mengenai struktur dengan kajian struktur lakon yang menggunakan unsur intrinsik yaitu tema, paraga, setting tempat dan setting waktu juga alur carita yang menggunakan alur progesif yaitu alur maju. Penelitian tentang nilai budaya menggunakan konsep Kluchkon yang dibagi menjadi dua yaitu (1) nilai moral, yang membahas tentang menghormati orangtua dan menghormati guru, sedangkan yang ke-(2) nilai keadaan, yang mengandung tentang masalah hakikat kehidupan manusia dan masalah hakikat kedudukan manusia.

Kata Kunci: Lakon, Kentrung, Budaya

Published
2014-08-21
How to Cite
FATIMATUZ ZAHRO, A. (2014). LAKON ADIPATI ARYA BLITAR SAJRONE WAYANG KENTRUNG RARAS MADYA ING KABUPATEN BLITAR. JOB (Jurnal Online Baradha), 2(3). https://doi.org/10.26740/job.v2n3.p%p
Abstract Views: 38
PDF Downloads: 14