BASA PEDHALANGAN KI SENTHO YITNO CARITO ING PAGELARAN WAYANG PURWA LAKON PENDHAWA MBANGUN BALE PRABA YEKSA

  • DESITA AYU ANGGRAINI

Abstract

Abstrak

 

Cecaturan minangka wujud Interaksi ing kauripan, kayata cecaturan kang digunakake dening Dhalang kang nyeritakake lakon wayang. Basa digunakake kanggo sarana komunikasi salahsa wijine yaiku minangka sarana komunikasi antarane dhalang menyang penontone. Ngalokanake carita kasebut nggunakake basa kang pinilih supaya komunikasi antarane dhalang menyang penontone bisa ditampa kanthi gamblang lan becik. Basa kang digunakake ing sajrone nglakokake wayang mesthi wae akeh banget jinise, sakehing jinis basa kuwi disebut Ragam basa.Salah sawijining kang bakal diteliti ana ing kene yaikubasa pedhalangan kang digelar dening Ki Sentho Yitno Carito amarga komunikasine kang variarif banget.

                Prakara kang dadi undering panliten iki, yaiku (1) wiwit kapan lan ana ing ngendi ki Sentho ngrintis profesi dhalang, (2) Apa wae wujud variasi basa kang digunakake ing pagelaran wayang Ki Sentho sajrone lakon Pendhawa Mbangun Bale Praba Yeksa, (3) Tembung (diksi) lan tetembungan (ungkapan) apa wae kang akeh ngrenggani basa pedhalangan ing pagelaran wayang Ki Sentho sajrone lakon Pendhawa Mbangun Bale Praba Yeksa, (4) Gaya Bahasa apa wae kang dianggo Ki Dhalang Sentho ing pagelaran wayang sajrone lakon Pendhawa Mbangun Bale Praba Yeksa.

Panliten kanthi tintingan sosiolinguistik iki mujudake panliten kualitatif deskriptif.Dhata sajrone panliten arupa tembung-tembung lan ukara-ukara kang ngandharake bukti-bukti anane gaya basa kang digunakake dening ki Sentho kang dijupuk saka sumberdhata, yaiku transkrip lakon wayang kulit Pendhawa Mbangun Bale Praba Yeksa. Dhata-dhata kasebut diklumpukake kanthi teknik studi kapustakan, pilih, lan cathet. Analisis dhata kang digunakake  sajrone panliten yaiku deskriptif. Teori kang digunakake kanggo nganalisis dhata yaiku teori sosiolinguistik.

Asil panlitennuduhake wiwit kapan lan ana ing ngendi ki sentho anggone ngrintis profesi ndhalang yaiku wiwit yuswa 20 taun lan gladhen ndhalang wiwit wulan Februari 1974 nganti oktober 1974 kang digulawenthah dening guru asal kraton surakarta kanthi asma Raden Ngabehi Yoso Carito, kajaba kuwi asil panliten iki uga njlentreahake wujudu variasi basa apa wae kang digunakake dening Ki Sentho yaiku variasi basa ngoko, krama, basa indonesia, sulukan, basa kedhaton, lan uga panyandra. Saliyane kuwi ana ing asile panliten kuwi uga ngandharake tembung utawa diksi lan tetembungan utawa ungkapan kang akeh ngrenggani ing basa pedhalangan ki Sentho, diksi kang digunakake yaiku tembung saroja, tembung garba, dasanama lan uga tembung camboran. Kang pungkasan ing asile panliten iki njlentrehake struktur cerita saka lakon Pendhawa Mbangun Bale Praba Yeksa, ananging kang dianalisi ana ing kene yaiku struktur pamaragane.

 

Tembung kunci : Profil, Gaya Pedhalangan, Ki Sentho, Lakon Pendhawa Mbangun Bale PrabaYeksa.

Published
2014-08-21
How to Cite
AYU ANGGRAINI, D. (2014). BASA PEDHALANGAN KI SENTHO YITNO CARITO ING PAGELARAN WAYANG PURWA LAKON PENDHAWA MBANGUN BALE PRABA YEKSA. JOB (Jurnal Online Baradha), 2(3). https://doi.org/10.26740/job.v2n3.p%p
Abstract Views: 818
PDF Downloads: 54