PROBLEM PSIKOLOGIS PARAGA UTAMA ING NOVEL ASMARANI ANGGITANE SUPARTO BRATA

  • ARFA DHANI NUGRAHA

Abstract

Abstrak

Manungsa mokal nduweni kapribadhen kang padha antarane siji lan sijine. Kanthi kapribadhen kang beda kasebut ana saperangan wong kang nggawe karya sastra ngenani psikologise manungsa. Salah sawijine karya sastra kasebut yaiku Novel Asmarani. Karya sastra iki ditliti nganggo tintingan psikologi sastra kanthi teori kapribadhen Sigmund Freud.

             Ing panliten iki nggunakake novel Asmarani kang ngandharake kajiwane paraga Asmarani. Andharan ngenani bab struktur kapribadhen, problem, lan mekanisme pertahanan ego. Panliten iki nggunakake tintingan psikologi sastra mligine nggunakake teori struktur kapribadhene Sigmund Freud.

             Prekarakangdadiundheringpanliten, yaiku (1) kepriyestrukturkapribadhenparagaAsmaraniing novel Asmarani?; (2) Kepriye problem kangdialamideningparagaAsmaraniing novel Asmarani?; lan (3) Kepriye mekanismepertahanan ego paragaAsmaraniing novel Asmarani?

             Adhedhasarunderingpanliteningndhuwur, panlitenikinduweniancaskanggo: (1) NgertenistrukturkapribadhenparagaAsmaraniing novel Asmarani; (2) Ngerteni problem kangdialamideningparagaAsmaraniing novel Asmarani; lan (3) Ngertenimekanismepertahanan ego paragaAsmaraniing novel Asmarani.

             Panlitenkangnggunakaketintinganpsikologikapribadhenikimujudakepanlitenkualitatifdeskriptif.Dhatasajronepanlitenikiarupatembung-tembunglanukara-ukarakangngandharake problem kajiwankangdijupuksakasumberdhata, yaiku novel Asmarani anggitane Suparto Brata. Dhata-dhatakasebutdilumpukakekanthiteknikstudikapustakan, pilih, lancathet. Dhata-dhata kasebut kajupuk saka pethikan-pethikan ing novel Asmarani, banjur dianalitik. Analisisdhatakangdigunakakesajronepanlitenikiyaikudeskriptif analitis.Teorikangdigunakakekanggonganalisisdhatayaikuteoripsikologi sastra, mliginenggunakaketeori Sigmund Freud.

             Asil saka panliten iki yaiku nuduhake struktur kapribadhene paraga Asmarani, problem kang dialami dening paraga Asmarani, lan mekanisme pertahanan ego dening paraga Asmarani. Ing bab struktur kapribadhen, paraga Asmarani akeh nengenake sipat ego. Prekara iki disebabake awit dheweke durung ngerti bot-repote wong urip. Ing perangan pungkasan novel, Asmarani bisa malih awit ngerti tata-sosial ing omahe mbakyune Surabaya. Asil panliten bab sabanjure yaiku paraga Asmarani ora tau ngalami problem neurosis, yaiku problem kang wedi nerak ukum. Sipate paraga Asmarani kang kaya mangkono bisa diarani teges lan mantep marang apa kang dadi kekarepane. Asil panliten kang pungkasan yaiku paraga Asmarani ora nduweni prinsip fanatik lan manja. Dheweke nengenake struktur kapribadhen ego. Dheweke sering kaincim kang nuduhake lagi ngalami problem realistis lan nduweni prinsip mekanisme pertahanan ego proyeksi. Prekara iki disebabake awit ora didudohi apa lupute, lan kepriye benere dening Emake.

Published
2014-08-21
How to Cite
DHANI NUGRAHA, A. (2014). PROBLEM PSIKOLOGIS PARAGA UTAMA ING NOVEL ASMARANI ANGGITANE SUPARTO BRATA. JOB (Jurnal Online Baradha), 2(3). https://doi.org/10.26740/job.v2n3.p%p
Abstract Views: 29
PDF Downloads: 17