MAKNA SIMBOLIS LAN NILAI FILOSOFIS GUNUNGAN ING PAGELARAN WAYANG KULIT

  • WAHYUNTORO SABDHO

Abstract

Abstrak

Wayang purwa minangka salah sawijine kesenian warisan leluhur kang wis kondhang ing jagad. Wayang uga ditetepake dadi warisan budaya bangsa sadonya. Wayang asale saka tembung wewayangan sing karepe minangka wewayangane manungsa. Gunungan  minangka wayang sing paling nyleneh lan nduweni piwulang luhur sing kinandhut. Saka dhasar kasebut sesambungan karo anane tandha lan nilai. Punjere panliten iki yaiku ngenani apa wae jinis gunungan, simbol apa kang ngrenggani saben gambare, lan nilai filosofi kang kinandhut. Adhedhasar punjere panliten, ancas panliten iki ngandharake lan njlentrehake apa wae jinis gunungan, simbol apa kang nggrenggani saben gambare, lan nilai filosofi kang kinandhut. Paedah panliten iki yaiku kanggo nyengkuyung ilmu semiotik lan estetik utamane gunungan. Paedah liyane kanggo ngrembakake materi ing bidhang mligine makna saka tandha lan nilai piwulangan.

Panliten iki kalebu budaya sastra awit ngrembug bab karya sastra sing ana ing budaya. Teori kang digunakake yaiku teori semiotik tandha saka Peirce lan filosofi teorine Harry Hamersma. Dhata panliten iki dijupuk dening panliti ing lapangan. Sumber dhatane asale saka cathetan lan rekaman karo dhalang lan dhosen ISI Surakarta.Tatacara nglumpukake dhata kanthi metodhe wawancara. Teknik kang digunakake yaiku teknik cathet lan observasi.

Jinis gunungan kang dijlentrehake ing panliten iki ana telu yaiku gunungan sakaten gunungan gapura Bali lan gunungan wayang kulit. Gunungan wayang kulit ing kene diperang dadi loro yaiku gunungan hakekat lan gunungan gapuran. Gunungan gapuran bisa diperang ing saben gambare lan wujude. Gunungan hakekat uga bisa diperang ing saben gambar lan wujude. Gunungan ing pagelaran wayang nduweni nilai filosofi kang ngandhut aspek piwulang. Nilai filosofi gunungan kang ana sajrone pagelaran wayang kulit tumuwuh nalika ditancepake, digunakake, lan disolahake.

 

Tembung Wigati: makna simbolis, nilai filosofis, gunungan, pagelaran, wayang kulit

Published
2014-08-21
How to Cite
SABDHO, W. (2014). MAKNA SIMBOLIS LAN NILAI FILOSOFIS GUNUNGAN ING PAGELARAN WAYANG KULIT. JOB (Jurnal Online Baradha), 2(3). https://doi.org/10.26740/job.v2n3.p%p
Abstract Views: 209
PDF Downloads: 195