Nilai Sastra Sajrone Dongeng ing Rubrik Wacan Bocah Kalawarti Panjebar Semangat Taun 2014

  • ALVIANA NIRMALASARI

Abstract

Alviana Nirmalasari

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

(alpheenirmala@yahoo.com)

 

Abstrak

Dongeng ing rubrik wacan bocah minangka reriptan sastra diriptakake dening pengarang sing luwih saka siji. Crita-crita kasebut nuduhake panguripane manungsa sing diserat lumantar tulisan, mligine ngenani nilai karya sastra sing bisa dadi pasinaonan kanggo pamaca kang remen karo karya sastra. Nitik saka andharan kasebut, isine dongeng-dongeng kasebut bisa narik kawigaten kanggo ditliti lan dianalisis.

Underane panliten ing sajrone panliten iki, yaiku (1) Kepriye unsur intrinsik dongeng ing rubrik wacan bocah kalawarti Panjebar Semangat taun 2014? (2) Kepriye nilai sastra kang ana sajrone dongeng ing rubrik wacan bocah kalawarti Panjebar Semangat taun 2014?. Tujuwan panliten iki, yaiku (1) Ngandharake unsur intrinsik dongeng ing rubrik wacan bocah kalawarti Panjebar Semangat taun 2014. (2) Ngandharake nilai sastra kang ana sajrone dongeng ing rubrik wacan bocah kalawarti Panjebar Semangat taun 2014. Mula, paedahe panliten iki, yaiku kanggo panulis, kanggo pamaca, lan kanggo panliti sastra.

Tintingan kapustakan kang digunakake kanggo nganalisis masalah yaiku tintingan struktur lan nilai sastra. Tintingan struktur digunakake kanggo njlentrehake unsur intrinsik mligine, tema, paraga, alur, lan latar sajrone dongeng kang gegayutan karo estetika sastra. Tintingan nilai sastra digunakake kanggo njlentrehake kaendahan kang kinandhut sajrone dongeng.

Kagiatan panliten iki nggunanake ancangan panliten dheskriptif kualitatif. Panliten iki njupuk sumber data saka kalawarti Panjebar Semangat taun 2014. Asil panliten iki nuduhake unsur intrinsik crita sajrone dongeng rubrik wacan bocah, mligine babagan tema, paraga, plot/alur lan latar.

Saka unsur intrinsik crita sajrone dongeng ing rubrik wacan bocah nuduhake nilai sastra kang kinandhut sajrone crita. Nilai sastra kasebut yaiku ana loro, kang kapisan nilai personal digolongake dadi 5 jinis, yaiku (1) perkembangan emosional, (2) perkembangan intelektual, (3) perkembangan imajinasi, (4) pertumbuhan rasa sosial, lan (5) pertumbuhan rasa etis dan religius. Kang kapindho yaiku nilai pendhidhikan digolongake dadi 5 jinis, yaiku (1) ekplorasi dan penemuan, (2) perkembangan bahasa, (3) pengembangan nilai keindahan (4) penanaman wawasan multikultural, lan (5) penanaman kabiasaan membaca.

Published
2015-08-21
How to Cite
NIRMALASARI, A. (2015). Nilai Sastra Sajrone Dongeng ing Rubrik Wacan Bocah Kalawarti Panjebar Semangat Taun 2014. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 41
PDF Downloads: 48