TENGARA WAYAH ING BASA JAWA

  • MIRA ARLISA

Abstract

Mira Arlisa, Dr. Murdiyanto, M.Hum

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

mira_arlisa@yahoo.co.id

Abstrak

Panliten tengara wayah ing basa Jawa iki nduweni punjer panliten, yaiku apa wae jinise perangan leksikal kang bisa dadi tengara wayah lan apa wae jinise perangan gramatikal kang bisa dadi tengara wayah ing basa Jawa. Adhedhasar punjere panliten, ancase panliten iki ngandharake lan njlentrehake jinise perangan leksikal lan perangan gramatikal kang bisa dadi tengara wayah ing basa Jawa. Panliten ngenani tengara wayah ing basa Jawa iki kalebu ing jinis panliten sinkronis, amarga dhata kang dinggo mujudake basa Jawa ing jaman saiki. Teori sing digunakake yaiku teori transformasi generatif Chomsky. Dhata kang digunakake yaiku ukara-ukara kang ngemu perangan leksikal lan perangan gramatikal kang bisa dadi tengara wayah ing basa Jawa. Dhata dhasar iki dijupuk saka kalawarti Panjebar Semangat lan dhata kang asipat intuitif. Tata cara panglumpuke dhata kanthi metodhe cathet. Tata cara panjlentrehe dhata kanthi metodhe agih utawa dhistribusional kanthi teknik ngambakake lan teknik nambahi. Dene tata cara panyuguhe asil panjlentrehe dhata kanthi formal lan informal.

Panliten ngenani tengara wayah ing basa Jawa iki ngasilake dudutan yen tengara wayah dumadi saka perangan leksikal lan perangan gramatikal. Tengara wayah arupa perangan leksikal kasebut diperang dadi telu, ing antarane yaiku (1) perangan leksikal tengara wayah kepungkur, (2) perangan leksikal tengara wayah saiki, lan (3) perangan leksikal tengara wayah tembe. Perangan leksikal tengara wayah kepungkur bisa diandharake lumantar (1) perangan leksikal ‘wis’, (2) perangan leksikal ‘mentas’, (3) perangan leksikal ‘nalika’, (4) perangan leksikal ‘bubar’, lan (5) perangan leksikal ‘lagi wae’. Perangan leksikal tengara wayah saiki bisa diandharake lumantar (1) perangan leksikal ‘lagi’, (2) perangan leksikal ‘isih’, (3) perangan leksikal ‘nedheng-nedhenge’, lan (4) panandha leksikal zero θ. Dene perangan leksikal tengara wayah tembe bisa diandharake lumantar (1) perangan leksikal ‘arep’, (2) perangan leksikal ‘bakal’, (3) perangan leksikal ‘durung’, lan (4) perangan leksikal ‘meh’.

Saliyane kuwi, tengara wayah arupa perangan gramatikal uga dumadi saka telung perangan, yaiku (1) perangan gramatikal tengara wayah kepungkur, (2) perangan gramatikal tengara wayah saiki, lan (3) perangan gramatikal tengara wayah tembe. Perangan gramatikal tengara wayah kepungkur kaandharake lumantar (1) perangan gramatikal ater-ater {ka-}, (2) perangan gramatikal ater-ater {ke}, (3) perangan gramatikal wuwuhan {ke-/-an}, lan (4) perangan gramatikal seselan {-in-}. Perangan gramatikal tengara wayah saiki bisa kaandharake lumantar (1) perangan gramatikal ater-ater {a-} lan (2) perangan gramatikal seselan {-um-}. Dene perangan gramatikal tengara wayah tembe bisa diandharake lumantar (1) perangan gramatikal {dak-}, (2) perangan gramatikal panambang {-a}, (3) perangan gramatikal panambang {-ana}, lan (4) perangan gramatikal panambang {-en}.

Published
2015-08-24
How to Cite
ARLISA, M. (2015). TENGARA WAYAH ING BASA JAWA. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 60
PDF Downloads: 23