ANALISIS WACANA KRITIS BUDAYA NEMBANG MACAPAT ING KUTHA SURABAYA

  • ARIF FIRANATA KUSUMA

Abstract

 

 

Abstrak

 

Nembang macapat, budaya tradhisional lan kuna sing isih ana nganti saiki. Budaya nembang macapat isih urip ing Kutha Surabaya. Nembang macapat ing Kutha Surabaya ana wiwit taun 1980-an nganti saiki, dadi udakara 30 taun urip ing Kutha Surabaya. Kabudayan utawa culture yaiku sakabehing sistem gagasan, tumindak, lan asiling karya sing kudu dadi pakulinane manungsa sajrone uriping masyarakat, sing diduweni manungsa kanthi cara sinau (Koentjaraningrat, 1979:180).

 Budaya nembang macapat ing Surabaya umure lagi 30 taun amarga budaya nembang macapat dudu budayane wong Surabaya. Surabaya pancene ora kenal sing jenenge tembang macapat, nembang macapat, sarta macapatan sadurunge. Dene ing Surabaya, budaya sing dikenal lan kaanggep budaya Surabaya yaiku kidungan lan parikan.

Panliten ngenani nembang macapat sadurunge wis tau ditliti dening Arps (1992) kanthi judhul “Tembang in Two Tradition”. Panlitene iki ngandharake ngenani guna lan panganggone tembang macapat ing  kabupaten Banyuwangi lan provinsi Yogyakarta. Panliten nembang macapat kang wis ana umume ngrembug babagan struktur, jinis, wujud, lan liya-liyane, nanging durung ana panliten kang ngrembug fenomena sosial nembang macapat sing isih bisa urip nganti saiki.

Nembang macapat ing Kutha Surabaya mujudake sawijining budaya sing tansah eksis satengahe kahanan sing wis sarwa modern kaya saiki. Anane nembang macapat isih bisa kajaga amarga anane sawenehing medhia elektronik ing Surabaya kaya dene radhio. Kasunyatane, senajan ana medhia sing bisa menehi papan kanggo budaya nembang macapat, nanging tanpa ana pawongan sing nekani studhio radhio, mula macapat ora bisa ginelar.

Kahanane nembang macapat sing ginelar ing radhio gumantung ana-orane pawongan sing gelem teka menyang studhio nalikane macapatan. Kamangka pawongan sing teka menyang studhio kasebut kudu kurban akeh kanggo mbelani nembang macapat kasebut. Salah siji contone yaiku, macapat sing ana ing radhio ginelar ing wayah wengi, dene pawongan sing asring teka menyang radhio yaiku pawongan sing padha nduweni pakaryan. Dadi nalika pawongan kasebut nekani acara nembang macapat, mula kudu ngalongi wektu istirahate kanggo nembang macapat ing radhio kasebut. Saliyane iku, yen ora ana kendharaan, mula pawongan-pawongan sing teka menyang radhio padha nyewa lyn banjur mbayar dhewe-dhewe. Mula pawongan sing isih njaga macapatan kasebut ora bathi nanging malah rugi.

Sajrone panliten iki bakal nggoleki lan njingglengi ngenani wacana  kritis budaya nembang macapat ing Kutha Surabaya kanthi tintingan Analisis Wacana Kritis kanthi nggunakake limang karakteristik AWK yaiku tumindak, konteks, historis, panguwasan, lan idheologi. Mengko ing tembe mburi, panliten iki mugya bisa menehi paedah tumrap pangrembakane budaya nembang macapat utamane sing ana ing Kutha Surabaya. Kanthi nggunakake asiling panliten iki, mula bisa kawawas kahanane nembang macapat sing urip ing Kutha Surabaya. Wiwit ngerti apa sing dumadi ngenani nembang macapat ing Surabaya, pawongan liya uga mugya bisa njaga eksistensi nembang macapat sing tradhisional ing Kutha Surabaya.

Published
2013-05-24
How to Cite
FIRANATA KUSUMA, A. (2013). ANALISIS WACANA KRITIS BUDAYA NEMBANG MACAPAT ING KUTHA SURABAYA. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(2). https://doi.org/10.26740/job.v1n2.p%p
Abstract Views: 42
PDF Downloads: 33